Autoklaf

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Autoklaf

Autoklaf yaiku piranti pemanas kang digunakake kanggo mensterilisasi sawijining benda kanthi nggunakake uap kang aana suhune lan tekanane dhuwur (1210C, 15 lbs) kurang luwih 15 menit.[1][2] Ngedunake tekanan ing autoklaf dudu kanggo mateni mikroorganisme, nanging kanggo ningkatake suhu ing autoklaf[1]. Suhu kang dhuwur iki kang bakal mateni microorganisme[1]. Autoklaf utamane ditujokake kanggo mateni endospora, yaiku sel resisten kang diproduksi dening bakteri, sel iki bisa tahan marang pemanasan, kegaringen, lan antibiotik[1]. Ing spesies kang pada, endospora bisa tahan ing kaanan lingkungan kang bisa mateni sel vegetatif bakteri mau[1]. Endospora bisa dipateni ing suhu 100 °C, kang minangka titik didih banyu ing tekanan atmosfer normal[1]. Ing suhu 121 °C, endospora bisa mateni ing wektu 4-5 menit. Nalika kuwi sel vegetatif bakteri bisa dipateni kanthi wektu 6-30 detik ing suhu 65 °C[1].

Itunganing wektu sterilisasi autoklaf dimulai nalika suhu ing autoklaf ngancik 121 °C[3]. Yen objek kang disterilisasi kandel utawa akeh, transfer panas ing jero autoklaf bakal rendhet, mula ana perpanjangan wektu pemanasan total kanggo mestekake yen kabeh objek suhune 121 °C kanggo wektu 10-15 menit[1]. Perpanjangan wektu uga dibutuhake nalika cairan ing volume gedhe bakal diautoklaf amarga volume kang gedhe mbutuhake wektu kang luwih suwe kanggo ngancik suhu sterilisasi[1]. Performa autoklaf diuji kanthi indicator biologi, tuladhane Bacillus stearothermophilus[4][5] .

Jinis-jinis[sunting | sunting sumber]

Ana telung jinis autoklaf, yaiku gravity displacement, prevacuum utawa high vacuum, lan steam-flush pressure-pulse[3]. bedaning telung jinis autoklaf iki ana ing kepriye udara diilangi saka autoklaf nalika proses sterilisasi[3].

Gravity Displacement Autoclave[sunting | sunting sumber]

Udara ing ruang autoklaf dipindahake mung adhedhasar gravitasi[3]. Prinsipe yaiku manfatake kaenthengan uap dibandingake karo udara, mula udara ana ing ngisore uap[3]. Carane nyambut gawe yaiku diwiwiti kanthi nglebokake uap lumantar bageyan dhuwur autoklaf mula udarane kasurung mangisor [3]. Sacara alon-alon, uap mulai dadi akeh mula ndadekake udara sansaya mudun lan metu lumantar saluran ing bageyan ngisor autoklaf, banjur suhune nambah lan kadadeyan sterilisasi[3]. Autoklaf iki bisa nyambut gawe kanthi cakupan suhu antarane 121-134 °C kanthi wektu 10-30 menit[3].

Prevacuum utawa High Vacuum Autoclave[sunting | sunting sumber]

Autoklaf iki dilengkapi pompa kang ngevakuasi kabeh udara saka jero autoklaf[3]. Cara kerjane dimulai kanthi ngetokake udara[3]. Proses iki kalaksanan nganti 8-10 menit[3]. Nalika kaanan vakum ana, uap dilebokake ing jero autoklaf[3]. Akibate kevakuman udara, uap langsung berhubungan karo kabeh lumahing barang, banjur kedadeyan peningkatan suhu mula proses sterilisasi kalaksanan[3]. Autoklaf iki nyambut gawe kanthi suhu 132-135 °C lan wektune yaiku 3-4 menit[3].

Steam-Flush Pressure-Pulse Autoclave Autoklaf iki nggunakake aliran uap lan dorongan tekanan ing dhuwur tekanan atmosfer kanthi rangkaian berulang[3]. Wektu siklus ing autoklaf iki manut marang barang kang disterilisasi[3].



Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i Madigan MT, Martinko JM, Brock TD. 2006. Brock Biology of Microorganisms. New Jersey: Pearson Prentice Hall.
  2. ^ Baird RM, Hodges NA, Denyer SP. 2000. Handbook of Microbiological Quality Control: Pharmaceutical Science. USA: CRC Press.
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p Spry C. 1997. Essential of Perioperative Nursing 2nd Edition. USA: Aspen Publishers.
  4. ^ Samaranayake LP. 2006. Essential Microbiology for Dentistry. USA: Elsevier Limited.
  5. ^ Neidleman SL. 1993. Advances in Applied Microbiology volume 39. United Kingdom: Academic Press Inc.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Autoklaf&oldid=832671"