Ataksia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Ataxia
SpecialtyMasalah skrip: Modhul "String2" ora ana.
Symptoms
  • Lack of coordination
  • Slurred speech
  • Trouble eating and swallowing
  • Deterioration of fine motor skills
  • Difficulty walking
  • Gait abnormalities
  • Eye movement abnormalities
  • Tremors
  • Heart problems

Ataksia (basa Inggris: ataxia) ya kuwi lelara degeneratif kang manggon ing sistem saraf. Manéka perkara disebabaké karusakan ing utek cilik, bagéan utek kang tanggung jawab kanggo ngoordinasi gerak.[1] Lelara iki bisa nyerang sapa wae, wiwit bocah nganti wong tuwa. Lelara iki kalebu lelara neurologis lan mènèhi pegaruh ing kauripan panandhang nglakoni kagiyatan saben dinané kayata mlaku-mlaku, micara lan migunakaké keterampilan motorik alus.

Pratandha[besut | besut sumber]

Pratandha ananing lelara ataksia kaya ta:

  • Ora bisa mlaku kanthi stabil lan gampang tiba.
  • Angel nglakoni kagiyatan kang migunakaké otot kayata mangan, nulis lan liya-liyané.
  • Angèl ngolu
  • Angèl micara
  • Gerak mripat ora normal.[2]

Dhiagnosis[besut | besut sumber]

Cara ndhiagnosis pawongan supaya mangerteni yèn kena ataksia ya kuwi:

  • Elektromiogram (EMG), kanggo ngukur aktivitas listrik sèl-sèl otot.
  • Studi penghantaran saraf, kanggo ngukur kacepetan saraf meneruskan rangsanan.
  • Elektrokardiogram (EKG), kanggo mènèhi grafik altifitas listrik utawa pola denyut jantung.
  • Ekokardiogram kanggo ngrekam posisi lan gerak otot jantung.
  • Magnitec resonance imaging (MRI) utawa computed tomography (CT) scan sing agawé pancitraan utek lan syaraf balung mburi.
  • Spinal tap kanggo ngevaluasi cuwèran serebrospinal.
  • Pamreksanan getih lan uyuh kanggo mangertèni kadhar glukosa mundhak.
  • Pamrèksanan gènètik kanggo ngidhentifikasi gèn sing ndayani.[3]
  • Lumbar puncture ya kuwi tumindakan medhis kang dilakokaké kanthi ngelbokaké jarum ing bagéan jero lumbar saka geger kanggo njupuk sampel cuwèran cerebrospinal sing bakal diuji ing laboratorium. [4]

Tamba[besut | besut sumber]

Manéka metodhe nambani lelara iki ya kuwi:

  • Fisioterapi ya kuwi terapi kang ancasé kanggo mbalèkaké kaseimbangan awak uga kakuwatan sarta flèksibilitas otot
  • Terapi wicara minangka terapi sing ancasé kanggo mbiyantu panandhang supaya micara kanthi normal, uga mbiyantu panandhang bisa ngolu panganan manèh.
  • Terapi okupasi minangka terapi sing ancasé supaya nglakoni kauripan sadin-dina kaya padatan.
  • Alat bantu sing ancasé uga mbiyantu kaya ta: kursi rodha, teken, nganto kacamata kang mligi.
  • Obat-obatan Obat sing diwènèhaké ancasé kanggo ngenthengaké pratandha kang dilakoni kayata paracetamol lan ibuprofen (kanggo gawé reda nyeri), gabapentin lan amitriptilin (kanggo gawé reda nyeri saraf), tizanidine (kanggo gawé reda kram otot).[5]

Nyegah[besut | besut sumber]

Cara nyegah lelara ataksia kanthi genetik saka wong tuwa menyang anak durung ditemokaké carané. Ananging cara nyegah lelara iki kaya dénéi:

  • Ngtrapaké pola urip sehat.
  • Ora ngonsumsi obat-obatan kang duwé èfèk samping mbebayani.
  • Njaga awak supaya ora tiba utawa ora ngalami kacilakan kang njedulaké ataksia.[6]

Kapustakan[besut | besut sumber]

  1. "What is Ataxia?". National Ataxia Foundation (in Inggris). Retrieved 2020-09-16.
  2. "Ataksia". SehatQ (in Indonesia). Retrieved 2020-09-16.
  3. "Ketahui Bahaya Penyakit Ataksia". Informasi Kesehatan dan Tips Kesehatan - DokterSehat (in Indonesia). 2018-08-06. Retrieved 2020-09-16.
  4. "Ataksia : Gejala, Penyebab, dan Pengobatan". HonestDocs (in Indonesia). Retrieved 2020-09-16.
  5. "Ataksia: Penyebab, Gejala, Pengobatan, dll - DokterSehat". Informasi Kesehatan dan Tips Kesehatan - DokterSehat (in Indonesia). 2020-06-02. Retrieved 2020-09-17.
  6. Tanuwijaya, Erlita. "Ataksia : Penyebab – Gejala dan Penanganan - IDN Medis". idnmedis.com (in Indonesia). Retrieved 2020-09-16.