Amitriptilin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Jeneng sistematis (IUPAC)
3-(10,11-dihydro-5H-dibenzo[a,d]cycloheptene-5-ylidene)-N,N-dimethylpropan-1-amine
Data klinis
Jeneng dagang Elavil, others
AHFS/Drugs.com Monograph
MedlinePlus a682388
Data lisènsi US Daily Med:link
Kat. kehamilan C(AU) C(US)
Status hukum Prescription Only (S4) (AU) -only (CA) POM (UK) -only (US)
Rute By mouth, intramuscular injection
Pharmacokinetic data
Bioavailabilitas 30–60%
Roncèn protèin 96%
Métabolisme Liver (CYP2D6, CYP2C19)
Wektu paro 10–50 hours
Èkskrèsi Urine
Pangenal
Nomor CAS 50-48-6 ☒N
549-18-8 (hydrochloride)
17086-03-2 (embonate)
Kode ATC N06AA09
PubChem CID 2160
Ligan IUPHAR 200
DrugBank DB00321
ChemSpider 2075Cithakan:Chemspidercite
UNII 1806D8D52KCithakan:Fdacite
KEGG D07448 ☒N[kegg]
ChEBI CHEBI:2666 ☑Y
ChEMBL CHEMBL629 ☑Y
Sinonim Amitryptyline; Amytriptyline; Amitryptiline; Amitriptiline; MK-230; N-750; Ro 4-1575
Data kimia
Formula C20H23N 
Massa mol. 277.403 g/mol
Data fisik
Titik lebur 188 °C (370 °F)

Amitriptilin ya iku obat antidhéprésan sing dipigunakaké kanggo ngatasi dhéprési énthèng nganti abot. Obat iki mbiyantu ngenthéngaké rasa sumelang sakéngga panandhang bisa luwih mayar lèrén. Amitriptilin kang kalebu golongan antidhéprésan trisiklik makarya kanthi cara njaga kaseimbangan kadhar serotonin lan norepinephrine ing sistem saraf pusat.[1] Pawèhan amitriptilin marang pawongan sing ora nemahi dhéprési ora ndayani apa-apa ing swasana atiné ananging bisa nyebabaké rasa ngantuk. Jeneng dagang obat iki ya iku Amitriptilina HCl, Trilin, lan Amitriptyline.

Mèkanisme makarya[besut | besut sumber]

Amitriptilin minangka sanyawa obat sing asipat antikolinergik (ndayani sistem saraf) lan sedatif. Sakwisé dicerna, sanyawa saka obat banjur dimetabolisme dadi nortriptyline kang bisa ngalangi reuptake norepinefrin dlan serotonin pramila kadadéan kaluwihan serotonin lan norepinefrin ing utek. Ganggunan ing reuptake serotonin lan norepinefrin iki dipitayani minangka salah sawijining sebab utama dumadiné dhéprési. Sakèngga kabisan amitriptilin ngehambat prosès iki bisa mbiyantu ngenthèngaké pratandha dhéprési kanthi ndandani swasana ati.[2]

Indhikasi[besut | besut sumber]

Amitriptilin bisa ngréwangi mundhakaké mood lan pangrasa bungah, nyuda rasa sumelang lan rasa tegang, mbiyantu panandhang insomnia amrih bisa turu luwih angler, lan mbiyantu panandhang luwih duwé énergi. Piguna liya saka obat iki ya kuwi kanggo nambani nyeri saraf, (kaya ta neuropati perifer, postherpetic neuralgia), ganggunan mangan (bulimia), perkara kajiwanan utawa ganggunan swasana ati liya (kaya ta rasa kuwatir) lan kanggo menggak lara sirah migrain.[3]

Dhosis[besut | besut sumber]

Amitriptilin duwé sedhiyanan tablèt kanthi kadhar 10 mg, 25 mg, 50 mg, 75 mg, 100 mg dan 150 mg. Masiyo mengkono, sedhiyanan sing ana ing Indonesia amung sing 25 mg (Trilin, Amitriptyline HCL lan Amitriptyline) lan 50 mg (Amitriptyline). Panandhang kanthi lelara dhéprési diwènèhi amitriptilin dhosis wiwitan 25–50 mg sepisan sedina. Dina sabanjuré bisa diwènèhi 25 mg saben 5-7 dina. Ing dhéprési abot, dhosis bisa diundhakaké nganti 300 mg saben dina.[4] Nalika mènèhi dhosis uga bisa kapara-para dadi pirang-pirang dhosis.

Interaksi obat[besut | besut sumber]

Pawongan sing ngonsumsi amitriptilin bebarengan karo obat liya bisa nuwuhaké interaksi obat kaya déné:

  • Bisa mundakaké risiko sindrom serotonin sing duwé akibat ningkataké pakaryan sèl saraf lan mbebayani nyawa menawa dikonsumsi bareng linezolid, fentanyl, lithium, tramadol, utawa antidépresan liyané.
  • Munggahaké kadhar obat ing ili getih menawa dikonsumsi karo methylphenidate, cimetidine, antipsikotik, lan antagonis kalsium.
  • Nyuda kadhar obat ing ili getih menawa dikonsumsi karo barbiturat, rifampicin, lan antikonvulsan.
  • Duwé resiko ngurangi èfèk obat clonidine menawa diombé bebarengan.
  • Munggahaké resiko artimia menawa dikonsumsi karo biat antiartimia (kaya amiodarone), antihistamin, terfenadine, hormon tiroid, lan cisapride.[5]

Èfèk samping[besut | besut sumber]

Èfèk samping sajroning ngonsumsi amitriptilin kaya ta:

  • Lambé garing
  • Pasawangan burem
  • Pupil gedhé
  • Bidhuren
  • Dhegelen
  • Angèl nguyuh
  • Kringeten
  • Trémor
  • Ruam kulit
  • Hipomania
  • Pamudhunan nepsu sèksual
  • Bingung (wong tuwa)
  • Ganggunan solah bawa (bocah)[6]
Praupané amitriptilin

Ing kahanan kang fatal bisa nyebabaké:

  • Stroke nganti koma
  • Jantung dheg-dhegan
  • Impotènsi
  • Takikardi (denyut jantung mundhak)
  • Hipotensi (tekanan getih cendhèk)
  • Karusakan saraf tepi (néuropati pèrifer)
  • Ganggunan koordinasi otot (ataksia)[7]

Kapustakan[besut | besut sumber]

  1. "Amitriptyline". Klik dokter. Dibukak ing 2020-06-12.
  2. "Amitriptilin: Manfaat, Dosis, & Efek Samping". Honestdocs. 2019-02-22. Dibukak ing 2020-06-14.
  3. Hapsari, Annisa (2020-05-11). "Amitriptyline". Hello Sehat. Dibukak ing 2020-06-13.
  4. Tarigan, Immanuel Natanael. "Indikasi Dan Dosis Amitriptyline". Alomedika. Dibukak ing 2020-06-12.
  5. "Amitriptyline". Alodokter. 2018-03-29. Dibukak ing 2020-06-13.
  6. "AMITRIPTILIN HIDROKLORIDA". Pusat Informasi Obat Nasional Badan Pengawas Obat dan Makanan. Dibukak ing 2020-06-13.
  7. "Untuk Apa Obat Amitriptyline Itu?". Gue sehat. Dibukak ing 2020-06-14.