Agama Krambil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pagoda ngambang saka Agama Kelapa, difoto ing taun 1975

Agama Krambil (Tinh Do Cu Si)[1] ya iku agama pribumi saka Viètnam kidul sing saiki wis dimandhegaké karan "Praja Krambil", Agama sing diyasa taun 1963. Agama sing akèh dhasaré dijupuk saka agama Buda lan Kristen, karo ditambah ajaran juru yasané Nguyễn Thành Nam, sarjana Viètnam. Agama iki dilarang pemerintah Viètnam ing taun 1975. Tekan puncaké, agama iki duwé 4000 pandhèrèk.

Ajaran[besut | besut sumber]

Advokat saka agama Krambil iki mung mangan kelapa lan ngombé santen.[2] biarawan saka agama krambil iki kena duwé bojo nganti sanga.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Babad urip biarawan Agama krambil[besut | besut sumber]

Agama krambil iku diyasa ing taun 1963 déning sarjana Viètnam Nguyễn Thành Nam,[2] uga karan Biarawan Krambil,[4][5] His Coconutship,[6] Nabi Concord,[6] lan pakdhé Hai[6] (1909 – 1990[1]). Nam, dhèwèké sekolah ing Univèrsitas Prancis,[2] gebyagaké pagoda ngambang[6] ing Viètnam kidul karan "Praja Krambil", anan ing provinsi Bến Tre.[2] miturut omongané wong yèn Nam mangané mung krambil nganti telung taun;[1] ing wektu iku uga dhèwèké latihan mèditasi ana ing trotoar cilik sing digawé saka watu.[3] Nam tau minangka kandidat calon présiden ing pemilihan présidèn Viètnam ing taun 1971; dhèwèké ilang lan bali marang "Praja Krambil".[2] Sanadyan prilakuné sing èksèntrik, pemerintah Saigon ngurmati lan nyebut Nam minangka "manungsa agama".[7] dhèwèké racaké nganggo kalung Salib ngubengi gulu lan klambi tradhisional Buda.[8]

Démografi lan Pengembangan[besut | besut sumber]

Pandhèrèk agama iki ing saindenging donya kira-kira 4,000 nalika puncaké. Salah siji pandherek wigati ya iku anak saka Juru roman Amérika John Steinbeck.[2] agama dianggep "kultus" lan langsung dilarang ing taun 1975 déning pemerintah Vietnam.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Dodd, Jan (2003). The Rough guide to Vietnam (édhisi ka-4). Rough Guides. kc. 142. ISBN 9781843530954.
  2. a b c d e f g "Coconut religion". Vinhthong. Diarsip saka sing asli ing October 22, 2013. Dibukak ing May 25, 2013.
  3. a b Hoskin, John; Howland, Carol (2006). Vietnam (édhisi ka-4). New Holland Publishers. kc. 115. ISBN 9781845375515.[pranala mati permanèn]
  4. Pillow, Tracy (2004). Bringing Our Angel Home. iUniverse. kc. 106. ISBN 9781469714011.
  5. Ehrhart, William Daniel (1987). Going back: an ex-marine returns to Vietnam. McFarland. ISBN 9780899502786.
  6. a b c d Vu Trinh (1974). "The Coconut Monk". Vietspring. Diarsip saka sing asli ing 2013-05-01. Dibukak ing 2016-08-18.
  7. Ellithorpe, Harold (1970). "South Vietnam: The Coconut Monk". Far Eastern Economic Review. kc. 15.
  8. "THE OTHER SIDE OF EDEN: LIFE WITH JOHN STEINBECK". American Buda. Diarsip saka sing asli ing June 24, 2013. Dibukak ing May 26, 2013.