Abul Wafa Muhammad Al-Buzjani

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jujug: pandhu arah, pados
Abul Wafa Muhammad Al Buzjani

Abul wafa Muhammad Al-Buzjani ya iku tokoh pisanan kang ngenalaké sinus lan kosinus. dhèwèké dianggep nduwèni kaluwihan ing disiplin èlmu trigonometri.[1] Al-Buzjani lair ing Buzjan, Nishapur, Iran, 1 Ramadhan 328 H utawa 10 JUni 940 M.[1] Dhèwèké akèh sinau marang seduluré ya iku Abu Amr al-Mughazili lan Abu Abdullah Muhammad ibn Anbasa.[1] Saliyané ngenalaké rumus triginometri, dhèwèké uga ngrembakakaké rumus géomètri, ya iku pucuk saka èlmu trigonomètri.[1] Salah sawijine ya iku mecahaké soal géomètri kanthi nggunakaké kompas, konstruksi pesagi ekuivalèn, lan segi banyak utawa bangun dhatar parabola.[1] Nalika ngitung wajik bundheran, Al-Buzjani, Al-Buzjani madhaake karo wajik siku.[2] Kanthi teori Manlau kang luwih disik misuwur, kang nggunakake aturan papat persamaan lan teori bayangan, dheweke kasil gawé aturan anyar.[2] Ing wajik bunder kang duwéni sudut lancip, manawa isa tinemu teori sinus.[2] ggunakake cara itung sinus 30, asil itungane ya iku wolung angka puluhan kang duwéni nile padha kanthi nile akiki sinus.[2] Ing geometri, operasi itungan wigati banget senajan isih kerep digunakaké cara itung India.[2] Ing mangsa modhèrn iki, para ilmuwan duwéni panyaruwe kang bedha nalika kudhu nggunakake teori Al-Buzjani.[2] Pirang-pirang carane ngitung, kayata nglebokake ayang-ayang tekan ayang-ayang inti, wajik sama sisi, utawa nglebokake tugelan menyang tugelan iki, bisa ndadèkaké panyaruwe kang béda-béda ngenani sapa sabeneré pencetus téori iki. Akèh kang nnganggep yen Ahmad bin Abdullah utawa Bahbasy al-Hisab kang nemokake téori iki.[2]

cathetan Suku[sunting | besut sumber]

  1. ^ a b c d e (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 7]
  2. ^ a b c d e f g (id) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 8]