Aborsi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Aborsi ya iku rampunging metengé wong déning ngilangi sawiji janin utawa èmbrio sadurungé janin iku mau panggah bisa urip ing njaba rahim.[note 1] Sawiji aborsi kang kedadéan kanthi spontan uga diarani keluron. Aborsi bisa sengaja kedadéan lan banjur diarani induced abortion, utawa arangé diarani "induced miscarriage" / (keluron kanthi sengaja). Tembung aborsi iku asringé digunakaké mung kanggo negesi induced abortion. Procedur kang persis sawisé janin isih bisa panggah bisa urip ing njaba rahim diarani "ngakiri meteng tuwa".[1]

Nalika diolèhaké déning ukum lokal, aborsi ing nagara maju iku salah sawijining prosedur paling aman ing donya kedokteran.[2][3] Metodhe-metodhe modhèren nggunakaké usada utawa operasi kanggo aborsi.[4] Obat kang jenengé mifepristone dicampur karo prostaglandin dadi obat kang padha aman lan èfèktifé kaya operasi nalika meteng ing trimèster kapisan, kapindho, lan paling akir.[4][5] Pil KB, kang awujud kaya ta kapsul utawa piranti intrauterine, bisa digunakaké langsung sawisé aborsi.[5] Nalika dilkuaké kanthi sah lan aman, induced abortions ora munggahaké résiko masalah fisik utawa mental jangka suwé.[6] Kuwalikané, aborsi kang ora aman njalari matiné 47,000 manungsa lan 5 yuta manungsa mlebu rumah sakit saben taun.[6][7] World Health Organization (WHO) nyaranaké aborsi kang aman lang sah supaya bisa dianakaké kanggo kabèh wong wédok.[8]

Kira-kia ana 56 yuta aborsi kedadéan saben taun ing donya,[9] kang kurang saka setengahé dilakuaké kanthi ora aman.[10] Angka aborsi owah sithik antara taun 2003 lan 2008,[10] kang sadurungé mudhun paling ora rong dékade kapungkur amarga aksès kanggo kulawarga berencana lan pil kb munggah.[11] Ing taun  2008 , 40% saka wong wédok ing donya iki dhuwé aksès kanggo aborsi kang sah tanpa winatesan alesan.[12] Nagara-nagara kang ngolèhaké aborsi dhuwé watesan-watesan kang béda-béda gumantung marang enom-tuané metengé wong supaya aborsi bisa dilakuaké.[12]

Rujukan[besut | besut sumber]

Citations[besut | besut sumber]

  1. Grimes, DA; Stuart, G (2010).
  2. Grimes, DA; Benson, J; Singh, S; Romero, M; Ganatra, B; Okonofua, FE; Shah, IH (2006).
  3. Raymond, EG; Grossman, D; Weaver, MA; Toti, S; Winikoff, B (November 2014).
  4. a b Kulier, R; Kapp, N; Gülmezoglu, AM; Hofmeyr, GJ; Cheng, L; Campana, A (9 November 2011).
  5. a b Kapp, N; Whyte, P; Tang, J; Jackson, E; Brahmi, D (September 2013).
  6. a b Lohr, PA; Fjerstad, M; Desilva, U; Lyus, R (2014).
  7. Shah, I; Ahman, E (December 2009).
  8. World Health Organization (2012).
  9. Sedgh, Gilda; Bearak, Jonathan; Singh, Susheela; Bankole, Akinrinola; Popinchalk, Anna; Ganatra, Bela; Rossier, Clémentine; Gerdts, Caitlin; Tunçalp, Özge; Johnson, Brooke Ronald; Johnston, Heidi Bart; Alkema, Leontine (May 2016).
  10. a b Sedgh, G.; Singh, S.; Shah, I. H.; Åhman, E.; Henshaw, S. K.; Bankole, A. (2012).
  11. Sedgh G, Henshaw SK, Singh S, Bankole A, Drescher J (September 2007).
  12. a b Culwell KR, Vekemans M, de Silva U, Hurwitz M (July 2010).

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. Definitions of abortion, as with many words, vary from source to source.