Xenopus
Xenopus yaiku kodhok kang asale saka Sahara, Afrika.[1] Xenopus dikenal minangka kodhok pencakar saka Afrika utawa Platanna, amarga duwe sikil kanthi bentuk cakar kang digunakake kanggo nyuwek panganane.[1] Xenopus bentuk bunder, kaya endhog lan duweni kulit kang lunyu banget.[2] Umume, xenopus ditemokake ing banyu kanthi werna ijo semu abu-abu, lan tansah ganti kulit ing saben mangsa.[2] Xenopus duweni wektu urip sekitar 5-15 taun.[2] Xenopus lanang lan wadon bisa dibedakake adhedhasar bentuke.[2] Bentuk xenopus lanang biyasane sekitar 20% luwih cilik saka xenopus wadon, kanthi awak lan sikil rada langsing.[2] Xenopus wadon luwih lemu kanthi benjolan dhuwur mburi sikil, karena benjolan mau minangka panggona endhog.[2] Jinis xenopus yang terkenal adalah kang misuwur yaiku xenopus laevis lan xenopus tropicalis.[2] Sakloron jinis xenopus iki digunakake ing laboratorium minangka subyek paneliten.[2]
Cathetan suku [sunting]
Pranala njaba [sunting]
| Wikispecies duwé informasi ngenani |