WordPress
Tema Standar WordPress |
|
| Pangembang | Matt Mullenweg Ryan Boren Donncha O Caoimh |
| Versi rilis terbaru | 3.2.1 / 12 Juli 2011 |
| Sistem operasi | Cross-platform |
| Platform | PHP |
| Jenis | Perangkat lunak blog |
| Lisènsi | Lisensi Publik Umum GNU |
| Situs web | http://wordpress.org/ http://wordpress.com/ http://id.wordpress.com http://id.wordpress.org |
WordPress yaiku sawijining aplikasi sumber terbuka (open source) kang paling misuwur digunakake minangka mesin blog (blog engine). WordPress dibangun kanthi basa pemrograman PHP lan basis data (database) MySQL. PHP lan MySQL, loro-lorone minangka perangkat lunak sumber terbuka (open source software).[1] Saliyane minangka blog, WordPress uga mulai digunakake minangka sawijining CMS (Content Management System) amarga kaprigelane kanggo dimodifikasi lan dipadakake karo kabutuhan panggunane[1]. WordPress yaiku penerus resmi saka b2/cafelog kang dikembangake dening Michel Valdrighi.[2] Jeneng WordPress diusulake dening Christine Selleck, kanca ketua pengembang (developer), Matt Mullenweg.[2]
Rilis WordPress kang paling anyar yaiku versi 3.2.1 (12 Juli 2011).[3] WordPress didistribusikake karo Lisensi Publik Umum GNU.[2]
[sunting] Sajarah
Sejarah WordPress diwiwiti nalika Matt Mullenweg kang minangka pangguna aktif saka b2 ngerti yen proses pengembangan b2 dimandegake dening pemrogramne (programmer) kang arane Michel Valdrighi, Matt Mullenweg krasa eman lan mulai nerusake pengembangan b2.[4]
WordPress kawiwitan ing taun 2003 minangka kasil kerja keras Matt Mullenweg karo Mike Little.[4] Kang gawe WordPress sangsaya misuwur, saliyane amarga akehe fitur lan tampilan kang mikat ati, yaiku uga amarga dukungan komunitas tumrap perangkat lunak sumber terbuka kanggo blog. [4]
[sunting] Priksani ugi
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b Fany Ariasari. Panduan Praktis Bikin Blog dengan WordPress (in Indonesia). Jakarta: Media Kita, 2. ISBN 978-979-794-048-5.
- ↑ a b c Racmad Hakim S.. Cara Cerdas Mengelola Blog + CD (in Indonesia). Jakarta: Elex Media Komputindo, 60. ISBN 978-979-27-4004-2.
- ↑ Rilis Wordpress Versi 3.2.1, Diundhuh tanggal 25 Juli 2011.
- ↑ a b c Jasmadi. (2008). Seri Otodidak : Belajar Sendiri Membuat Blog dgn Domain Sendiri. Salemba Infotek, 2. ISBN 978-979-27-4004-2.