Wisent
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Wisent utawa uga diarani Bison Eropah iku sajinising bison sing urip ing Eropah. Jaman mbiyèn wisent iku urip sa-Eropah. Saka Pulo Britania saka Skandinavia nganti Segara Tengah. Nanging wisent wis mèh punah lan saiki anané namung ing Eropah Wétan waé.