Wesley Snipes
| Wesley Snipes | |
|---|---|
Snipes in September 2009 |
|
| Lair | Wesley Trent Snipes 31 Juli 1962 (umur 50) Orlando, Florida, U.S. |
| Pakaryan | Actor, martial artist, film producer, criminal |
| Taun aktif | 1987–present |
| Garwa | April Dubois (1985–1990) Nikki Park (2003–present) |
Wesley Trent Snipes (lair ing Orlando, Florida, 31 Juli 1962; umur 50 taun) dheweké kuwi aktor, pebela dhiri, lan produser Amerika Serikat, Wesley kondhang ning peranné nalika dadi pamburu vampir ning film trilogi Blade Trilogy, film iki uga dijukut lan diinspirasri saka Matrix trilogy, Dheweké gedhe ning New York, awit cilik dheweké wis mutusaké menawa dunya akting kuwi bakal dadi dalam uripé.[1] Nalika wong tuané pindhah marang Florida, Wesley ngerasa impiané kanggo dadi pamain akting kuwi gagal amarga dheweké kudu ninggalaké sekolahé ning High School of the Performing Arts sadurungé lulus sekolah.[1]
Ananging garis uripé memang kudu dadi pemain peran ning akiré.[1] Nalika dheweké tampil ning acara drama ning daerahé, ana agency kang nawaraké peran kanggo dheweké ning film WILDCATS kang dibintangi dening bintang kang wus kondhang nalika kuwi, Goldie Hawn.[1]
Dheweké kang anduweni postur awak kang atletis lan anduweni kamampuan ning babagan seni bela dhiri iki anggawe dheweké olih peran ning film -film action, kayata film DEMOLITION MAN, BLADE, lan THE ART OF WAR.[1]
Taun 2010, Wesley Snipes kasandung hukuman.[2] Masalahé amarga dheweké ngindari pajak kang kuduné diwenehaké marang pamarintah.[2] Dheweké wis tau diperintah supaya nyerah marang pihak kang berwajib lan mulai masa hukumané.[2] Masa hukumané kuwi kira-kira telung taunan, dheweké diputusaké salah ning pangnadilan nalika taun 2008.[2]
Ananging pangacarané, ngusahakaké supaya Wesley Snipes bisa dibebaseké nganggo jaminan.[2] Babagan usahané pangacara kuwi ora langsung anggawe Wesley Snipes bebas saka ukumané.[2] Amarga dheweké kudu nyerah ning tanggal 2 September amarga panolakan permohonan nalika sasi Juli sadhurungé.[2] Sasi Agustus, pangadilan nunda pambacaan kasil saka persidangan nganti sasi Novembeer, Ananging ning sasi November, Wesley diperintah maneh kanggo nyerahaké dhiri, ananging dheweké ora hadir ning acara persidangan.[2]
Filmografi [sunting]
- Wildcats (1986)
- Major League (1989)
- King of New York (1990)
- Mo' Better Blues (1990)
- New Jack City (1991)
- Jungle Fever (1991)
- White Men Can't Jump (1992)
- Passenger 57 (1992)
- Rising Sun (1993)
- Demolition Man (1993)
- Drop Zone (1994)
- Sugar Hill (1994)
- To Wong Foo, Thanks for Everything! Julie Newmar (1995)
- Money Train (1995)
- Waiting to Exhale (1995)
- The Fan (1996)
- Murder at 1600 (1997)
- One Night Stand (1997)
- Blade (1998)
- U.S. Marshals (1998)
- The Art of War (2000)
- Disappearing Acts (2000)
- Liberty Stands Still (2002)
- Blade II (2002)
- Undisputed (2002)
- Blade: Trinity (2004)
- Unstoppable (2004)
- The Marksman (2004)
- 7 Seconds (2005)
- Hard Luck (2006)
- Chaos (2006)
- The Detonator (2006)
- The Shooter (2006)
- Chasing The Dragon (2006)
- Toussaint (2007)
- Gallowwalker (2007) )