Wedanta

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Artikel punika bagean saking seri
Filsafat Hindu
Aum.svg
Ajaran Filsafat
SamkhyaYogaMimamsa
NyayaVaisisekaVedanta
Ajaran Vedanta
AdvaitaVishishtadvaita
DvaitaShuddhadvaita
DvaitadvaitaAchintya Bheda Abheda
Tokoh Filsafat Hindu
KapilaPatanjaliJaimini
GotamaKanadaRsi Vyasa
Patengahan
Adi ShankaraRamanuja
MadhvaMadhusūdana
Vedanta DesikaJayatirtha
Moderen
RamakrishnaRamana
Swami VivekanandaNarayana Guru
RamakrishnaRamana
Sri AurobindoSivananda
Caturyuga
SatyayugaTretayuga
DwaparayugaKaliyuga
Simbol Hindu

Wedanta (Sanskerta: वेदान्त; Védānta) yaiku salah sawijining aliran ana ing filsafat Hindu. Ajaran Wedanta asring uga disebut Uttara Mimamsa, amarga ajaran iki neliti saperangan kitab Weda, yaiku kitab Upanisad. Tembung Wedanta saka tembungwedasya lan antah kang ateges "pungkasaning Weda". Sumber ajaran iki yaiku kitab "Wedantasutra" utawa dikenal uga mawi nama "Brahmasutra". Pelopor ajaran iki yaiku "Maharesi Byasa", utawa kang kawentar kanthi asma Badarayana utawa Krishna Dwaipayana. [1]

Ajaran Wedanta, asring ugi kasebut kanthi tembung "Uttara Mimamsa" inggih punika "panaliten ingkang angka kalih" , amargi ajaran punika naliti pérangan Weda, inggih punika Upanisad. Tembung Wedanta Asalipun saking tembung "Vedasya" saha "Antah" ingkang ngemu teges "pungkasan saking Weda". Sumber ajaran punika inggih kitab Wedantasutra utawi ingkang dipunkenal ugi kanthi nama Brahmasutra. Pelopor ajaranipun inggih punika Maharsi Vyasa, utawi dipunkenal ugi kanthi nama Badarayana utawi Krishna Dwipayana.[1]

Wonten kathah sistem ingkang ngrembaka wonten ing Wedanta, ingkang asipat realis, pluralis, monoistis sarta idealis. sedayanipun punika narima Brahman minangka realitas ingkang paling inggil. Punika pérangan-pérangan saking Wedanta:[1]

  • Sankara, inggih punika sistem "nondualistis", miturut Sankara, Atman sami kaliyan Brahman, inggih punika esensi "subjektivitas" ingkang manunggal kaliyan esensi donya. Donya, sedayanipun gumantung kaliyan Brahman, Ananging Brahman boten gumantung kaliyan donya. Brahman inggih punika dhasar sedaya pengalaman, piyambakipun boten sami kaliyan donya, boten benten kaliyan donya, boten "empiris", boten "objektif", sanés boten wonten, benten sanget saking sanésipun. Moksa utawi pembebasan diri dipuncapai kanthi praktek "devosi" saha mujudaken nilai-nilai etis. Punika dipuncapai nalika manungsa takdih gesang.[1]
  • Ramanuja, nengenaken benten wonten ing "non dualisme" Sankara. Donya dhiri, Brahman punika nyata, ananging donya saha dhiri punika gumantung kaliyan Brahman. Dhiri gadha "eksistensi" abadi, donya utawi materi dhiri saha Brahman mbentuk satunggal kesatuan, ananging dhiri saha donya namung minangka badan Brahman. Ing njawi Brahman boten wonten napa-napa. Punika sebabipun Ramanuja dipunsebut "nondualisme" kanthi bentenipun, inggih punika Brahman gadhah kalih bentuk, dhiri saha materi. Seinggil-inggilipun manungsa ngrealisasikaken dhiri, Brahman taksih langkung inggil. Manungsa kedahngurmati Brahman, punika sebabipun Ramanuja nengenaken aspek kebaktian dhumateng Brahman.[1]
  • Madhava, aliran ingkang ngajaraken bilih donya kaliyan dhiri inggih punika kasunyatan ingkang mardika. Brahman minangka "eksistensi" ingkang abadi, ananging donya kaliyan dhiri gumantung kaliyan Brahman.[1]
  • Pasupata, Sakti saha Pancarata, sedayanipun minangka sekte ingkang dados lawan minangka katandhingaken kaliyan Weda. Wonten ing sistem pancarata, Wisnu sami kaliyan Brahman, ananging atribut-atributipun boten saged nedahaken dhiri tanpa "sakti" ingkang dipunsebut lakhsmi. Sakti punika gadhah aspek inggih punika aktivitas saha dados (activity and becoming).[2].

Menawi sakti punika aktif, kaenem atribut Wisnu memanifestasikaken dhiri wonten ing pengetahuan, ke-Tuhanan, kemampuan, kekiyatan, karosan, sarta kamulyan. Wonten ing sistem Pasupata (siwa). Siwa, sami kaliyan Brahman wonten ing Upanisad. Hakekatipun inggih punika “aku murni”, tanpa atribut, tanpa katrangan, kesadaran murni.[3].

Waosan langkung kathah[sunting | sunting sumber]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f (en)[1](dipunundhuh tanggal 29 September 2012)
  2. ^ (id)[2](dipunundhuh tanggal 16 November 2012)
  3. ^ (id)[3](dipunundhuh tanggal 16 November 2012)

Pranala Njaba[sunting | sunting sumber]


Delengen Uga[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wedanta&oldid=872279"