Wayang Potèhi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Wayang Potèhi

Wayang Potèhi, uga dikenal minangka budai mu'ouxi, shoucao kuileixi, shoudai kuileixi, chang-chung hsi (pinyin: zhǎngzhōngxì), xiaolong, utawa zhihuaxi, ing Indonésia uga kasebut wayang thithi lan wayang cina),[1] yaiku wayang saka lan sumbering crita ana ing negara Cina.[2]. Wayang iki wiwit ana ing abad kaping 17 ing Quanzhou utawa Zhangzhou, Provinsi Fujian, Cina, lan riwayaté dimainaké ing tlatah sing pedunungé wicara basa Min Nan kayadéné ing Quanzhou, Zhangzhou, Chaoshan (wilayah Guangdong, lan papan liya ing Cina sisih kidul.

Ing Indonésia, wayang iki isih bisa dideleng nalika ana tanggapan ing kampung Cina utawa klenthèng.[2] Wayang kang awujud bonèka cilik-cilik.[3] Critané mangsa jaman kraton Tartar utawa Babad Cina.[3] Wayang Potèhi iki dimainaké ing sajroning kothakan ukuran 3 x 3 mèter, kang wernané abang.[4]

Wayang Potèhi ing Semarang[sunting | sunting sumber]

Salah sijining dhalang Wayang Potèhi ing Semarang Tengah yaiku Thio Tiong Giè, kang manggon ing dèsa Pesantrèn, Kelurahan Purwadinatan.[5] Dhèwèké nduwèni prinsip paribasan Cina kang dadi semangaté kanggo nglestarekaké Wayang Potèhi iki yaiku "Tak ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi."[5] Yen ta wayangan dhèwèké nggunakaké basa Indonésia kanggo basa pengantar, bèda karo para sesepuhé sing biyèn nggonakaké basa Cina.[5] Ciri khasé dhewèkè uga kerep nggunakaké tembang campursari.[5]

Thio Tiong Gie saiki umuré wis 76 taun, akèh prihatiné mikiraké kabudayané sing mung dideleng déning saglintir wong sing kalah adoh yèn dibandingaké karo jaman biyèn.[5] Langka banget sing kepéngin nyinaoni wayang iki sing dadi generasiné mung siji wongé yaiku Oei Tjiang Hwat sing kerep ngancani yèn pinuju wayangan.[5] Para niyagané adoh banget yaiku saka Surabaya.[5] Dhèwèké mènèhi ujar:[5]

   
Wayang Potèhi
Yèn ta diwènèhi panjang umurè nganti 100 taun, dhèwèké bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahé digawé dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepéling kang mumpangat tumrap uripé manungsa
   
Wayang Potèhi

Lakon[sunting | sunting sumber]

Salah siji lakon ana wayang iki yaiku "Siluman Kerbau Membuat Huru-Hara Di Kerajaan Tai Tong Tiauw".[4] Lakon iki wingi ditanggap awit tabuh 15.00 kurang luwih 2 jam kang nyambung nganti petang dina Setu (29/1) nganti Slasa (2/2) 2011 wiwit jam kang padha sing ditanggap ana ing Jalan Gambiran tepaté ing protelon Gang Tengah.[4]

Wayang liyané[sunting | sunting sumber]

Saliayané wayang bonèka Potèhi, uga ana wayang golèk thithi sing nyritakaké lelakoné Cina.[1]

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b (jv) Balai Bahasa Yogyakarta. 2001. Kamus Basa Jawa. Yoyakarta: Kasinus, Kaca: 844
  2. ^ a b (jv) Susilo, Bambang .dkk. 1995. Seneng Wayang Cinta Budaya I (untuk pendidikan Dasar). Semarang: Media Wiyana, Kaca: vi-viii
  3. ^ a b (jv) Tim Pangripta Basa Jawa. 2003. Kawruh Basa Jawa (KBJ). Surakarta kaca: 61-63.
  4. ^ a b c (id)Suara Merdeka Online(Kaundhuh tanggal 27 April 2011)
  5. ^ a b c d e f g h (id) Suara Merdeka Online (kaundhuh tanggal 8 April 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wayang_Potèhi&oldid=830036"