Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Wayang Bali,ora beda adoh karo wayang Kulit Purwa ing Jawa, ananging wujud tatahan lan sunggingan wayang Bali beda karo wayang liyane. Wayang Kulit Bali isih nganggo mripat cacahe loro, lan tangane luwih cendhek. pagelaran Wayang Kulit Bali ing wayah wengi rinasa sakral. Ing Bali, pertunjukan Wayang Kulit merlokake antara 3 nganti 15 tenaga ing antarane dibutuhake kanggo: dalang, pangiring lan yen dibutuhake sepasang pembantu dalang (tututan)[1]. Kanggo pagelaran wayang para dalang Bali mbutuhake udakara 125 - 130 lembar wayang kang disimpen ing kothak wayang (kropak)[1]. .
[sunting] Istilah Kang Ana Ing Wayang Bali
- Wayang Lemah
- Wayang Peteng
[sunting] fungsi pewayangan Bali
- wali
- bebali
- balih-balihan
Ing Prasasti kang ditemokake dening R. Goris,kang ditulis dening Raja Ugrasena, tahun 818 Saka-896 Masehi (nalika tahun 1998 kasimpen ing Desa Babatin, Kabupaten Singaraja), unine prasasti kuwi yaiku: "...pande tembaga, pamukul, pagending, pabujing, papadaha, parbhangsi, partapukan, parbawayang", mujudake maneka warna pagawean ing bidang seni, kalebu wong sing klakokake pagelaran wayang utawa dhalang. Saliyane prasasti kuwi, Prasasti liyane yaiku Prasasti Dawan lan Prasasti Gurun Pai.
|
Wayang |
|
| Wayang ing tanah Jawa |
|
|
| Wayang ing tlatah liya |
|
|
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b (id)kulit(dipunundhuh tanggal 22 Februari 2011)