Walabi
| Walabi | |
|---|---|
| Walabi leher merah | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| Infrakelas: | Marsupialia |
| ordo: | Diprotodontia |
| Suborder: | Macropodiformes |
| kulawarga: | Macropodidae |
Walabi punika salah setunggaling kéwan ingkang taksih setunggal kulawarga kaliyan kanguru.[1] Walabi dipunpanggihi wonten ing Australia saha ing pulo-pulo ingkang caket Australia.[1] Wonten kathah speciés walabi.[1] Spesies menika dipunklompokaken miturut habitat kadosta semak walabi, walabi kuas, saha walabi watu.[1] Walabi menika kalebet kéwan marsupial atau mamalia ingkang nggadhahi kanthong.[1] Walabi ingkang nembé lair menika alit sanget saha mboten nggadhahi daya menapa-menapa. [1]Nalika lair, anak walabi lajeng tumuju wonten ing kanthong ibunipun.[1] Wonten ing kanthong menika anak walabi saged dipunjagi saking mengsah.[1] Walabi manggen wonten ing kanthong ibunipun ngantos pirang-pirang wulan.[1] Walabi ingkang taksih enem ketingal katon kados anak kanguru ingkang dipunwastani Joeys.[1] Nalika sampun mboten manggén wonten ing kanthong, walabi ugi taksih asring mlumpat tumuju wonten ing kanthong nalika wonten bebaya.[1] Walabi menika dawanipun wonten ingkang ngantos 6 kaki utawi 1,8 meter.[1] Ukuran menika dipunukur saking sirah ngantos buntut.[1] Walabi nggadhahi samparan wingking ingkang kuwat. [1]Samparan menika dipunginakaken sesarengan nalika mlumpat kanthi jarak ingkang tebih. [1]Nalika walabi rumaos kénging bebaya utawi walabi jaler ingkang nembé tukaran, walabi limrahipun ngginakaken samparan menika kanggé nendhang ingkang kuwat.[1]Nama walabi asalipun saking suku Aborigin Eora wonten ing Sydney. [2] Walabi mangen sumebar wonten ing Australia mliginipun wonten ing dhaérah pedalaman ingkang kasusun saking watu-watu.[2] Walabi ugi saged dipunpanggi wonten ing Flinders Ranges Australia Selatan, Taman Nasional Freycinet Tasmania, saha wonten ing Taman Nasional Namadgi saha Kosciuszko ing pegunungan Alpen Australia.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.