Vibrio cholerae
| Vibrio cholerae | |
|---|---|
| TEM image | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Bacteria |
| filum: | Proteobacteria |
| kelas: | Gamma Proteobacteria |
| ordo: | Vibrionales |
| kulawarga: | Vibrionaceae |
| Genus: | Vibrio |
| Species: | V. cholerae |
| Jeneng binomial | |
| Vibrio cholerae Pacini 1854 |
|
Vibrio cholerae yaiku baktèri gram negatif, kanthi wagun basil (watang) lan asipat motil (bisa obah), nduwèni struktur antogènik saka antigen flagelar H lan antigèn somatik O, gamma-proteobacteria, mesofilik lan kemoorganotrof, habitat alaminé ing lingkungan akuatik lan umume padha asosiasi kanthi eukariot.[1] Spesiès Vibrio kerep didhapuk kanthi sipat patogenisitase manungsa, utamané V. cholerae panyebab lelara kolèra sing ngrembaka ing negara kang nduwèni banyu resik sithik lan nduwèni sanitasi kang ala.[2] V. cholerae ditemokaké wiwitané déning ahli anatomi saka Italia kang arané Filippo Pacini ing taun 1854. [3]. Nanging, panemon wiwitan iki lagi dikenal sawisé Robert Koch, kang nyinaoni lelara kolèra ing Mesir, taun 1883 kasil mbuktèkaké yèn baktèri mau panyebab kolera. [3]
Bab lan Paragraf |
Isolasi [sunting]
Kanggo nganakake isolasi lan pangopenan vibrio, bisa nggunakake media Thiosulfate-citrate-bile salts agar (TCBS) kang minangka media selektif kanggo isolasi lan pemurnian Vibrio.[2] Vibrio mampu nggunakake sukrosa minangka sumber karbon kanthi werna kuning, dene liyane werna ijo.[2] Nanging uga ana kang mikrob kang bisa thukul ing media iki, kayata Staphylococcus, Flavobacterium, Pseudoalteromonas, lan Shewanella.[2] dene kanggo nambahi Vibrio, bisa nggunakake media Alkaline Peptone Water (APW) kang duweni pH relatif dhuwur, yaiku kira-kira 8.4 lan ngandhut NaCl kang cacahe 1-2%.[2]Pamodotan optimum vibrio yaiku ing suhu antarane 20- 35oC.[2]
Uji Biokimia [sunting]
Teknik kang digunakake ing identifikasi fenotipe V. cholerae yaiku uji lisin dekarboksilase lan ornitin (arginin) dekarboksilase, oksidase, Kliger Iron Agar (KIA), dan uji indol.[4] V. cholerae bisa nuduhake asil positif ing patang uji biokimia mau.[4] Asil positif kanggo uji oksidase, uji lisin, lan arginin dekarboksilase yaiku kabentuke werna ungu tuwa.[4] Ing uji KIA, ora kabentuk gas, kanthi slant (bageyan lumahing media) kanthi werna abang (asifat basa) lan butt (bageyan dasar media) wernane kuning (asifat asam).[5] kanggo nguji indol, bakal kabentuk werna abang semu ungu ing lumahing.[5]
Cathetan suku [sunting]
- ^ Holt JG, Krieg NR. 1994. Bergey’s manual of determinative microbiology, 9th ed.. Baltimore: The Williams & Wilkins Co. Hal:190-274.
- ^ a b c d e f Thompson FL, Iida T, Swings J. 2004. Biodiversity of vibrios. Microbiol Mol Biol Rev 68: 403-31.
- ^ a b Pollitzer, R. 1959. Cholera. Geneva: World Health Organization.
- ^ a b c Choopun N, Louis V, Huq A, Colwell RR. 2002. Simple procedure for rapid identification of Vibrio cholerae from the aquatic environment. Appl Environ Microbiol 68: 995-8.
- ^ a b Kay BA, Bopp CA, Wells JG. 1994. Vibrio cholerae and Cholera: Molecular to Global Perspectives. Washington DC: ASM Pr.
Delengen uga [sunting]
| Wikispecies duwé informasi ngenani |
| Temokna informasi luwih akèh ing Vibrio cholerae kanthi nggolèki ing proyèk kagandhèng Wikipedia | |
|---|---|
| Dictionary definitions saka Wiktionary | |
| Textbooks saka Wikibooks | |
| Quotations saka Wikiquote | |
| Source texts saka Wikisource | |
| Images and media saka Commons | |
| News stories saka Wikinews | |
| Learning resources saka Wikiversity | |