Upacara Basuh Astan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Upacara basuh astan punika dipunwontenaken manawa umuripun bayi sampun kawan dasa dinten, wekdal ibunipun sampun séhat lan sampun resik. Kegiatan punika dipunwontenaken déning masarakat Suku Kubu, Désa Jantung Manggeris, Jambi.

Tahap-Tahap[besut | besut sumber]

  1. Pengumpulan lan pengasapan pirantinipun upacara
  2. Pengasapan putranipun punika kaliyan mbasuh astanipun
  3. Limrahipun upacara punika dipunpungkasi kanthi dhahar sekul kuning lan ayam panggang sesarengan.

Ancasipun[besut | besut sumber]

Ancasipun upacara basuh astan ingkang dipunwontenaken déning masarakat Suku Kubu punika inggih punika nyuwun kaliyan Ngarsanipun Sang Hyang supados putranipun punika dipunparingi sipat beja kados ta sregep, kiyat lan remen dedamelan, kathah sahabatipun ingkang remen nulung kiyambakipun, tansah séhat lan resik saingga tansah suci, jujur, tuhu, teliti, setia, lan mapinten-pinten kesaénan sanèsipun. Sedaya pangajab punika dipunlamabangaken kanthi manéka warna pirantin upacara kados ta larisan, sekar melati, kaca, benang segelondhong, lan sapanunggilanipun.

Wekdal Upacara[besut | besut sumber]

Upacara punika dipunwontenaken ing wekdal enjing antawisipun tabuh sanga dumugi tabuh sedasa. Kegiatan upacara basuh tangan punika dipunlampahaken déning pihak èstri sebab tiyang èstri punika ingkang paling asring kaliyan putranipun awit putranipun punika taksih alit ngantos dumugi saged ndhèrèk mburu kéwan.

Papan Upacara[besut | besut sumber]

Sedaya kagiyatan upacara basuh astan punika dipunlampahaken wonten ing pondhok alit ingkang prasaja. Pondhok punika dipunyasa wonten ing satengahipun siti ingkang dipuntanemi taneman pertanian. Papanipun punika boten tebih saking sapinggiripun lèpèn.

Pihak- Pihak ingkang dipunlibataken[besut | besut sumber]

  1. Dukun ingkang mbantu anggènipun babaran
  2. Ibu ingkang gadhah damel upacara punika
  3. Tiyang èstri ingkang sampun sepuh (ibu kandhung, ibu marasepuh, lan tetangga ingkang sami rawuh tanpa dipunundang)
  4. Pihak saking tiyang kakung (rama, garwa, lan sedhèrèk-sedhèrèk)

Pirantinipun Upacara[besut | besut sumber]

  1. Sekar melati saperlu dipunpendhet toyanipun
  2. Jeruk
  3. Kemenyan pethak
  4. Kaca pasuryan
  5. Larisan
  6. Sekul kunyit lengkap kaliyan ayam panggangipun
  7. Toya degan
  8. Sisir
  9. Benang segelondhong
  10. Kain pethak sekabung
  11. Arta minangka panebus satunggal ringgit
  12. Perasapanipun kemenyan

Pantangan[besut | besut sumber]

Pantangan saking dukun ingkang kedah dipuntebihi inggih punika kelapa (degan) ingkang dipunpendhet lan watangipun punika ampun ngantos dhawah. Ancasipun inggih punika supados putranipun punika boten gadhah sipat perajuk.

Chathetan suku[besut | besut sumber]


Réferénsi[besut | besut sumber]

Kahar, Tabran. 1985.Upacara Tradisional Daerah Jambi. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Kebudayaan Daerah.

Cithakan:Upacara Tradhisional Jambi

Kategori:Upacara Adat