Pondhok pesantrèn Tebu Ireng

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Tebu Ireng)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Pondok Pesantren Tebuireng
Tebuireng.jpg
Diadegaké 1899
Jinis Pesantren
Afiliasi kaagamaan Islam
Pengasuh Ir. KH. Solahuddin Wahid
(Gus Solah)
Lokasi Flag of Indonesia.svg Jombang, Jawa Timur
Situs wèb pesantren.tebuireng.net

Pesantren Tebu Ireng yaiku salah sawijining pondok pesantrèn kang gedhé ing Jombang, Jawa Timur. [1] Pesantrèn iki diadegké déning Kyai Hasyim Asy'ari nalika tahun 1899.[1] Kejaba pelajaran bab agama Islam, ilmu syariat, lan basa Arab, pelajaran umum uga kalebu ing struktur kurikulum pengajarané.[1] Pesantrèn Tebu Ireng wis akèh mènèhi konstribusi dan sumbangan karo masyarakat, kang utamané ing bab pendidikan Islam ing Indonesia.[1]

Bab lan Paragraf

[sunting] Sejarah

Miturut cerita para warga, jeneng Tebu Ireng saka kebo ireng.[2] Miturut cariyosipun, nalika iku ana warga kang duwèni kebo kang duwèni kulit werna kuning (bulé atau albino).[2] ing sawijining dina, kebo kala wau ilang.[2] Sawisé digoleki sedina muput, banjur soréné nembe ketemu wis arep mati amarga kecebur rawa kang akèh lintahé.[2] Sekujur awaké kebak lintah, mula kang asalé kulité kuning dadi ireng.[2] Kedadèan kuwi gawe gègèr sing duwé kebo saha para warga ing kana banjur nggembor "kebo ireng...! kebo ireng...!".[2] Wiwit kuwi, dukuh panggon ilangé kebo mau dikenal kanti jeneng dukuh kebo ireng.[2] Nanging amarga ilaté wong jawa dukuh menika jenengé dados dukuh tebu ireng.[2]

Pesantren Tebu Ireng diadegké déning Kyai Hasyim Asy'ari nalika tahun 1899 M.[2] Nalika kuwi ing tahun 1899 Kyai Hasyim nembé kundur saking ibadah haji ning Makkah, Kyai Hasyim mundhut tanahé dalang ing dukuh Tebu Ireng kang jaraké kira-kira 200mèter saka pabrik gula cukir.[2] Ing dukuh kuwi Kyai Hasyim Asy'ari gawé omah saha gawé pondok kanggo para santriné.[2] Bagéyan ngarep digawé saka gedhèg, ruang kuwi digawé kanggo panggon mulang para santri saha shalat jama'ah.[2] Banjur ingkang bagéyan mburi digawé omah.[2] Nalika pisanan, jumlah santriné mung wolu, saha telung sasi mengarep santriné tambah dadi wolulikur.[2]

Wektu iki, Pesantrèn Tebu Ireng wus gedhe lan wus dadi pilihan para warga NU kanggo nyekolahaké anak-anaké.[2]

[sunting] Sistem Pandhidhikan

Lumantar lakuné wektu, santri ing Pesantrèn Tebu Ireng sangsaya akèh lan sangsaya manéka warna ragam budayanè.[3] Kepara nyata pesantrèn Tebu Ireng wus akèh ngrubah sistem pandhidhikané.[3] Kayata contone biyen kang ana mung Pandhidhikan bab Agama Islam lan Basa Arab, saiki wis ana pandhidhikan umum utawa pandhidhikan formal.[3] Ananging senajan wis akèh nrubah sistem pandhidhikané, Pesantrèn Tebu Ireng isih tetep nerapaké sistem kang lawas.[3] Dadi santri lulusan Pesantrén Tebu Ireng ora mung bisa lan paham babagan agama ananging uga paham babagan ilmu umum kang modèrn.[3]

[sunting] Unit Pandhidhikan

Tebu Ireng pancèn pesantrèn tradisonal, nanging kaya déné pesantrèn-pesantrèn modèrn kang ana Indonesia, Tebu ireng uga duwé unit pandhidhikan umum.[4] Ing Pesantrèn Tebu Ireng duwèni unit pandhidhikan cacahé lima yaiku:

  1. Ma'had Aly,
  2. MTs. Salafiyah Safi'iyah,
  3. SMP A.Wahid Hasyim,
  4. MA. Salafiyah Safi'iyah,
  5. SMA A.Wahid Hasyim.[4]

[sunting] Daftar Pengasuh

Ing lakuné sejarah, nganti saiki Pesantrèn Tebuireng wis ganti pengasuh nganti kaping 7 periode. [5] Periodisasi pengasuh pesantrèn Tebuireng:

  1. KH. Muhammad Hasyim Asy’ari : 1899 – 1947,
  2. KH. Abdul Wahid Hasyim : 1947 – 1950,
  3. KH. Abdul Karim Hasyim : 1950 – 1951,
  4. KH. Achmad Baidhawi : 1951 – 1952,
  5. KH. Abdul Kholik Hasyim : 1953 – 1965,
  6. KH. Muhammad Yusuf Hasyim : 1965 – 2006,
  7. KH. Solahuddin Wahid : 2006 - nganti saiki.[5]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d (id) Tebu Ireng (15 Mei 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o (id)Gus Dur(15 Mei 2011)
  3. a b c d e (id)Kultur Pesantren (15 Mei 2011)
  4. a b (id)Tebu Ireng(17 Mei 2011)
  5. a b (id)Pesantren(15 Mei 2011)
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès