Takengon
| Takengon | |
|---|---|
| View Kota Takengon ke arah Danau Laut Tawar | |
| Takengon terletak di Kabupaten Aceh Tengah | |
|
[[file:Cithakan:Location map Indonesia Sumatra North|240px|Takengon di Provinsi Aceh]]<div style="position: absolute; z-index: 2; top: Kaluputan èksprèsi: Karakter tandha wacan "[" ora ditepungi%; left: Kaluputan èksprèsi: Karakter tandha wacan "[" ora ditepungi%; height: 0; width: 0; margin: 0; padding: 0;">
[[File:Cithakan:Location map Indonesia Sumatra North|6x6px|Takengon|link=|alt=]]
Takengon
|
|
|
|
|
| Coordinates: 4°36′0″N 96°51′0″E / 4.6°N 96.85°EKoordinat: 4°36′0″N 96°51′0″E / 4.6°N 96.85°E | |
| Negara | Indonesia |
| Provinsi | Aceh |
| Kabupaten | Aceh Tengah |
| Èlevasi | 1.200 m (3,900 ft) |
| Zona wektu | WIB (UTC+7) |
| Kode Pos | 24500 |
| Kodhe tilpun | 0643 |
| Website | http://www.acehtengahkab.go.id |
Takengon inggih menika salah satunggalipun kitha ing Kabupatèn Acèh Tengah. Kutha kasebat inggih menika punjeripun (ibu kota) Kabupatèn Acèh Tengah ingkang dunungipun ing dhataran inggil Gayo ingkang nggadhahi hawa ingkang resik lan nggadhahi kaèndahan alam ingkang saé.[1]
Asil bumi lan kaèndahan alam ing Kutha Takengon saged narik kawigatén para wisatawan dhoméstik lan manca negari ingkang tindak dhateng Kutha Takengon, tindak plesir lan nyipeng ing Danau Laut Tawar.[2] Sasanèsipun papan pariwisata Danau Laut Tawar, Ing Kutha Takengon wonten ugi papan wisata sanèsipun, kados Gowa Puteri Pukes, Pantang Terong, Papan Adus-adusan Toya Bentér Wih Pesam, Bukit Terong (puncak Khafi), Gowa Loyang Koro, Segara Menye, Segara Ketibung, lan Monumen Pacuan Kuda Tradisional.[2] Paling boten, wonten 20 papan pariwisata ingkang wonten ing Kutha Takengon.[2] Mligi bab pacuan jaran, tiyang ingkang dados jokinipun limrahipun taksih umur laré sekolah.[2] Joki menika sacara alami dados joki ingkang terampil lan boten ajrih nitih jaran boten mawi pelana, lan namung nganggé kaus lan clana cekak kémawon.[2]
Padunungipun Kutha Takengon kathahipun menika saking Suku Gayo.[2] Suku Gayo kalebet katurunan saking Suku Batak Karo ing Sumatra Lèr.[2] Basa dhaèrahipun ugi bénten kaliyan basa dhaèrah padunung Acèh limrahipun.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.