Sveti Stefan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
| Sveti Stefan Свети Стефан |
||
| Negara: | Montenegro | |
| Subdivision: | Budva municipality | |
| Lokasi: | 42°15'20.32"N 18°53'28.07"E | |
| Populasi: | 411 | |
| Kodhe area: | +382 86 | |
| Kodhe pos: | 85315 | |
| Nomer pulisi: | BD | |
Sveti Stefan (Basa Serbia: Свети Стефан) punika satunggiling resort pesisir ingkang dumunung watawis 5 km kidulwétan kitha Budva, wonten ing tlatah Budva Riviera (). Minangka satunggiling pulo manawi toya seganten pinuju pasang tidal island, nanging sapunika sampun kahubung dhumateng dharatan kanthi permanen nganggé margi alit utawi isthmus.
Sveti Stefan wiwit dipun panggèni taun 15th century minangka dusun nelayan. Wonten ing taun 1950s pedunung pungkasan dipun ungsèkaken, lan Sveti Stefan lajeng dipun damel town-hotel ing méwah sanget, salajengipun Sveti Stefan dados resort utawi panggénan istirahat utawi tetirah ingkang eksklusif wonten ing pesisir Montenegro.
Sveti Stefan punika misuwur tumrap para selebritis, lan para tamu ingkang naté rawuh mrika antawisipun Willy Brandt, Bobby Fischer, Boris Spassky, Sophia Loren and Carlo Ponti, Monica Vitti, Ingemar Stenmark, Kirk Douglas, Jonathan Miller , Claudia Schiffer lan Lady Di.
Margi-margi, tembok, atap lan wangunan tetep dipun lestarèkaken kados wujud ingkang asli, namung bagéan lebet kemawon ingkang dipun owahi supados nggadhahi kanikmatan minangka hotèl mèwah. Ing taun 2006, Villa Montenegro, satunggiling villa, ngrengkuh pakurmatan minangka hotel bintang gangsal inten utawi Five Star Diamond Award, ingkang dipun pasrahaken déning Akademi Ilmu Ladenan Amerika tumrap kualitas ladènan ingkang saé sanget.
[sunting] Ugi Pirsani
[sunting] Pranala njawi
- Discover Montenegro Information and pictures of Sveti Stefan.
- tourist and realestate guide
- Villa Montenegro
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.