Suluk Jatirasa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Suluk Jatirasa pancèn kurang kawentar tinimbang suluk-suluk liyané kang tinemu ing kasusastran Jawa, nanging Suluk Jatirasa ngemu daya kang narik kawigaten dhéwé sajroning karya sastra Islam Kejawèn. Suluk Jatirasa kaanggit déning Radèn Panji Suryawijaya, bab kasébut tinemu sajroning naskah Suluk Jatirasa kang nuduhaké katrangan kang mangkéné: "Punika srat inggitanipun Radèn Panji Suryawijaya, ingkang tanpa tuladha, namung medal sangking kahengetan kémawon"[1].

Suluk Jatirasa yaiku karya sastra kang awujud tembang, dumadi saka enem pupuh tembang macapat, kaanggit mawa enem jinis tembang, yaiku Dhandhanggula, Durma, Gambuh, Pangkur, Kinanthi, Asmaradana. Peprincene yaiku:

  • Pupuh 1 Dhandhanggula isi 59 pada
  • Pupuh 2 Durma isi 86 pada
  • Pupuh 3 Gambuh isi 74 pada
  • Pupuh 4 Pangkur isi 54 pada
  • Pupuh 5 Kinanthi 56 pada
  • Pupuh 6 Asmaradana isi 92 pada[2]

Kapustakan[besut | besut sumber]

  1. Hernawan, Bambang (2013). Suluk Jatirasa (Suntingan dan Terjemahan). Jakarta: PNRI. kc. 2. ISBN 978-979-008-635-7.
  2. Hernawan, Bambang (2013). Suluk Jatirasa (Suntingan dan Terjemahan). Jakarta: PNRI. kc. 4. ISBN 978-979-008-635-7.