Asmaradana

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Asmaradana utawa Asmarandana iku sawijining jinis tembang macapat. Tembang Asmarandana umumé kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yèn dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artiné tresna, lan dahana kang artiné geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isiné wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.

Bab lan Paragraf

Étimologi [sunting]

Pupuh bisa 'asmaradana' digandhèngaké karo Smaradahana.

Metrum [sunting]

Asmarandana diracik saben pada (bait) ana 7 gatra (larik).

  • 8-i
  • 8-a
  • 8-é
  • 8-a
  • 7-a
  • 8-u
  • 8-a

Tuladha [sunting]

Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Aja turu soré kaki
Ana Déwa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanané
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bagéyanipun
wong welek sabar narima

Pranala jaba [sunting]

MACAPAT
Alit
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung
Tengahan
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh
Ageng
Girisa
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Asmaradana&oldid=854080"