Stasiun sepur
Stasiun sepur iku papan para penumpang bisa munggah-mudhun nalika nganggo sarana transportasi sepur. Saliyané stasiun, ing mangsa kapungkur dikenal uga halte sepur sing nduwèni fungsi amèh padha karo stasiun sepur. Tumrap dhaérah/kutha sing nembé dibangun manawa stasiun portabel bisa dipigunakaké minangka halté sepur.
Bab lan Paragraf |
Fasilitas ing stasiun sepur [sunting]
Fasilitas stasiun sepur umumé dumadi saka:
- Pelataran parkir ing ngarep stasiun
- Papan adol karcis, lan lokèt informasi
- Peron utawa ruang tunggu
- Ruang kepala stasiun, lan
- Ruang PPKA (Pengatur Perjalanan Sepur) sarta peralatané, kaya sinyal, wèsel (alat pamindah jalur), tilpun, telegraf, lan sapanunggalané.
Stasiun gedhé biasané diwènèhi perlengkapan sing luwih akèh tinimbang stasiun cilik kanggo nunjang kenyamanan penumpang lan calon penumpang sepur, kaya ruang tunggu (VIP mawa AC), rèstoran, toilèt, mushola, area parkir, sarana kaamanan (polisi khusus sepur), sarana komunikasi, dipo lokomotif, lan sarana pangisèn bahan bakar. Ing papan jeneng stasiun sing dibangun ing jaman Walanda, umumé dilengkapi kanthi ukuran èlevasi rata-rata wilayah iku saka lumahing segara, umpamané Stasiun Bandung ing sangisoré ana tulisané plus-minus 709 mèter.
Stasiun gedhé ing Jawa [sunting]
- Deleng uga: Dhaptar stasiun sepur ing Indonésia
Ing ngisor dhaptar stasiun gedhé:
- Stasiun Jakarta Kota - diresmèkaké 1929
- Stasiun Tanjung Priok - 1914
- Stasiun Gambir (biyèn Weltevreden) - 1914
- Stasiun Jatinegara (biyèn Meester Cornelis)
- Stasiun Manggarai
- Stasiun Pasar Senen
- Stasiun Bogor - 1880
- Stasiun Bandung
- Stasiun Yogyakarta - 1887
- Stasiun Solo Balapan - 1876
- Stasiun Semarang Tawang - 1873
- Stasiun Cirebon - 1920
- Stasiun Surabaya Kota - 1878 dan renovasi 1911
- Stasiun Surabaya Gubeng
- Stasiun Surabaya Pasarturi