Srangga

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Srangga
Temporal range: Karbonifer - Saiki
Semprang abang saka Indonésia
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Arthropoda
Subfilum: Hexapoda
kelas: Insecta
Linnaeus, 1758
Ordo

Pirsani teks

Srangga utawa Insecta iku klompok utama saka kéwan mawa ros-ros (Arthropoda) sing sikilé enem. Amarga iku, srangga uga disebut Hexapoda. Srangga ditemokaké ing mèh kabèh lingkungan kejaba ing laut. Èlmu sing nyinaoni ngenani kauripan srangga disebut entomologi.

Luwih saka 800.000 spesies insekta wis ditemoaké. Ana 5.000 spesies bangsa semprang (Odonata), 20.000 spesies bangsa walang (Orthoptera), 170.000 spesies bangsa kupu lan ngengat (Lepidoptera), 120.000 bangsa laler lan kerabaté (Diptera), 82.000 spesies bangsa kepik (Hemiptera), 360.000 spesies bangsa kumbang (Coleoptera), dan 110.000 spesies bangsa semut lan tawon (Hymenoptera).

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Srangga&oldid=845060"