Sindhenan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sindhèn ya iku ungeling vokal putri kang ana ing karawitan. Pesindhèn yaiku istilah kanggo wong profesional utawa paraga kang dadi vokalis ana ing sajian karawitan sing biasané yaiku piyayi putri. Manawa Sindhènan yaiku matèri swara kang ngemot pitutur lan diungelaké bebarengan karo saprangkat gamelan. Ing Surakarta sindhènan dibagi dadi rong pepanthan yaiku sindhènan umum utawa srambahan lan sindhènan khusus utawa sindhènan mligi[1]. Sindhènan umum utawa sindhènan srambahan yaiku sindhènan kang biasané digunakaké kanggo nyindhèni gendhing kang cakepane wangsalan, abon-abon, senggakan lan parikan. Manawa sindhènan khusus utawa sindhènan mligi biasané ana cakepan kang mung digunakaké kanggo nyindheni gendhing tartamtu.

Cakepan[besut | besut sumber]

Wangsalan ya iku unèn-unèn kang dumadi saka rong ukara. Ana ing wangsalan biasane ngemot bethèkan utawa teka teki kang batangané ana uga ana ing sajroning wangsalan iku. Amarga sipaté sing bethèkan wangsalan kudu di goleki batangane kanthi nggathukaké tembung-tembung kang ana ing ukara kasebut. Tuladhanè yaiku Welut wana kawula hamung saderma (welut wana yaiku welut kang ana ing alas bisa kasebut ula) ula dadi tembung kawula. Kawi sekar dèn sugih tepa selira (Kawi sekar yaiku puspa) puspa dadi tembung tepa. Uga ana Wangsalan kang lakune 12 Tuladhane yaiku Sekar pisang pisang sesajining karya, patut lamun linulutan mring sasama. Sembah kalbu yen lumintu dadya laku, manggih hayu ayem tentrem kang tinemu. Wohing arèn rukmi jingga saupama, kudu eling yo mung gusti kang kawasa.

Abon-abon, ana ing sindhenan abon-abon uga kasebut isèn-isèn utawa selingan kang dadi palengkap. Abon-abon uga nduwèni makna ubarampé[2] kang ateges dadi palengkap ana ing sindhènan. Tuladhane yaiku rama-rama, yomas-yomas, gonès-gonès, gandhes luwes saksolahé, anteng tajem polatané. yo ndhuk, yomas, ramane thole, kakange genduk, gonas ganes wicarané, kadangku dhéwé.

Parikan, ana ing sindhènan parikan yaiku unèn-unèn kang dumadi saka rong ukara lan nduwé guru lagu sing padha. Ora mung kanggo nambahi kaéndahan sindhènan, parikan uga ngemot pitutur kang luhur. Tuladhanè yaiku Rujak nangka rujaké para sarjana, aja ngaya dimèn lestari widada. Rujak manggis bumbuné gula sakiris, tatas titis lelabet kang wus tinulis. Rujak uni bumbunè mrica sawiji, ngati ati yèn nganti nyidrani janji. Rujak nanas panrtesé wadhahi gelas, tiwas tiwas nglabeti wong ora nggagas. Rujak jeruk sepincyk nggo tamba ngantuk, Sarwa mathuk ndilalah pijer kepethuk.

Paugeran[besut | besut sumber]

Laras ya iku tatanan swara kang ajeg getaranè. Ana ing karawitan laras ana 2 yaiku laras sléndro lan laras pélog. Laras sléndro nduwéni watak utawa rasa sedhih, susah, kapang lan kasmaran. Manawa laras pélog nduwéni watak sigrak, semangat lan uga bisa nesu.

Céngkok ya iku gaya utawa model sindhènan. Céngkok bakal gawé sindhènan dadi luwih éndah lan nggèrèt kawigatèn dadi céngkok iku sanggit lan bakal dadi ciri khasé pesindhèn siji lan sijiné.

Gregel ya iku membat mentuling swarakang nduwéni karep supaya sindhènan dadi luwih èndah. Nalika ngungelaké gregel kudu trep marang rasa. Nalika ana ing andhegan utawa ana ing dhong-dhing swara.

Luk tegesé munggah mudun utawa obaking swara kang ditemtokake deningng titi laras utawa notasi.

Tokoh[besut | besut sumber]

Waljinah lair ing kutha Sala, Jawa Tengah 7 November 1945. Pesindhèn kang kondhang ing jamané. Sakliyané dadi pesindhèn, Waljinah uga misuwur dadi penyanyi keroncong. Ana ing wiwitan karir, waljinah ngetokaké album Elingo Beboyo Margo (1968) . Waljinah uga nate duèt karo Mus Mulyadi ingkang saking Surabaya. Lagu kang gawé jenengé Waljinah misuwur ing Indonesia yaiku tembang Walang Kekek lan Jangkrik Genggong. Kagiyatan Waljinah wis ora padhet maneh, ibu saka 5 anak iki luwih akeh ngentekne waktu ana omah utawa sanggar. Soimah utawa soimah pancawati yaiku salah sawijining pesindhèn ingkang misuwur ana ing Indonesia. Pesindhèn kelairan Pati, 29 September 1980 iku miwiwti anggèné gegladhèn ulah swara wiwit isih cilik, sak liyané kuwi dh;ewéké uga sekolah ana ing SMKI Yogyakarta. Soimah kondhang dadi pesindhèn kang paling sugih ing Indonesia[3]. Soimah yaiku garwanè Herwan Prandoko utawa asring kasebut Mas Koko lan nduweni putra 2 yaiku Aksa Uyun Dananjaya lan Diksa Naja naekonang. Bakat seni soimah uga saka keturunan bulike yaiku MM Ngatini kang nduweni padhepokan Tari Bagong.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Budiarti, Muriah (2013-12-02). "KONSEP KEPESINDENAN DAN ELEMEN-ELEMEN DASARNYA". HARMONIA.
  2. Poerwadaeminta, WJS (1939). Baoesastra.
  3. Saputri, Yunisa Dwi (2019-05-06). "7 Potret kesederhanaan Soimah, Pesinden Kondang yang Pernah Tidur di Garasi". Liputan6.