Shikamaru Nara
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Addbot (Kontrib • Log) 68 dinten 374 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Shikamaru Nara | |
|---|---|
| Shikamaru Nara.jpg | |
| Profil | |
| Umur | Part I: 12-13 Part II: 15-16 |
| Wadon/Lanang | Pria |
Shikamaru Nara (奈良シカマル) inggih punika salah satunggaling tokoh protagonis wonten ing sérial manga lan anime Naruto. "Shika" artosipun rusa lan "maru" saged ngemu teges "bunderan" utawi "ngrembaka kanthi sae" ananging asring kaginakaken kanthi nama putra ingkang jaler. Nara inggih punika ugi salah satunggaling nama prefektur lan kutha ing Jepang ingkang nggadahi taman ingkang kathah rusanipun.[1]
Latar belakang [sunting]
Shikamaru inggih punika salah satunggaling putra saking klan Nara ingkang satunggal angkatan kaliyan Naruto. Piyambakipun punika tiyang ingkang males, ananging becik budinipun. Piyambakipun sesarengan kaliyan Naruto, Kiba, lan Chouji asring dipun aruh-aruhi kaliyan guru Iruka Umino. Sejatosipun Shikamaru punika laré ingkang pinter. Tingkat kecerdasanipun (IQ) saged dumugi 200. Kakiranganipun inggih punika remen tilem wanci siyang sinambi mirsani awan tinimbang latian ninjutsu. Chouji ngantos ngucap bilih Shikamaru saged kemawon ngungkuli Sasuké. [2]
Sasampunipun lulus saking akademi, piyambakipun satunggal kelompok sesarengan kaliyan Chouji lan Ino wonten ing sangandhapipun bimbingan Asuma. Piyambakipun nyebut dirinipun piyambak punika minangka "penakut nomor satunggal" lan "paling jago melarikan diri," padahal piyambakipun mboten badhé migunakaken kawegiganipun lan males menawi urusan kaliyan tiyang sanès, menapa malih toh nyawa. Shikamaru mboten gadah gegayuhan ingkang inggil, piyambakipun namung kepéngin dados ninja biyasa. Piyambakipun mangarep-arep supados saged nikahan kaliyan tiyang èstri ingkang mboten ayu ananging inggih mboten awon ugi, lajeng gadah peputra kalih. Piyambakipun ugi ngarep-arep supados putra ingkang urut satunggal punika èstri, minangka putra ingkang urut ka;ih punika jaler. Lan piyambakipun rencana sasampunipun putra ingkang urut satunggal punika nikah, lajeng piyambakipun badhe pensiun saking donya ninja lajeng ambyur ing jagading tetanen.
Wonten ing Ujian Chuunin, piyambakipun kepanggih kaliyan Temari. Senajan mekaten, sajatosipun katingal wonten sesambetan ingkang aneh ing antawisipun kakalihipun. Piyambakipun nate matur bilih Temari inggih punika kenya ingkang manis nalikanipun misi ngoyak Sasuke. Minangka pangarsa tim, piyambakipun cocok sanget amargi saged menggalih kanthi cepet lan logis. Langkungipun satunggal punika asring nyelamataken piyambakipun lan ugi kanca-kancanipun saking kepaten. Piyambakipun ugi remen sanget shogi, lan asring ugi menang dolanan nglawan Asuma. Piyambakipun inggih punika satunggaling shinobi ingkang minggah dados chuunin ing ujian punika.
Karakteristik [sunting]
Shikamaru arikma lurus lan dipun kucir manginggil, kados samurai. Rikmanipun cemeng lan ing perangan bathuk dipun kajengaken katingal. Mangangge anting ing kakalih talinganipun. Pelindung kepala ingkang dipun pasang ing lengen sisih kiwanipun. Pasuryanipun ingkang sanget dados cirinipun, males lan ugi cuek. Sasampunipun ujian chuunin piyambakipun ngangge jaket pelindung saking desa ingkang minangka panggantos jaketipun ingkang lami. Piyambakipun ngangge celana 3/4 awarni ijem. Sasampunipun naruto II, piyambakipun ngangge klambi lengen dawa lan celana dawa awarni cemeng. Piyambakipun mboten pati inggil, meh sami kaliyan Naruto.[3]
Cathetan Suku [sunting]
|
||||||||||||||||||||||||||
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||