Serat Wédhatama
Serat Wédhatama kuwi sawijining karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligine bab kawruh manunggaling kawula gusti. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV kang lair kanthi asma Raden Mas Sudira ing dina Senin Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawa taun Masehi 3 Maret 1811. Tembung Serat Wedhatama dumadi saka telung wanda, yaiku: serat, wedha lan tama. Serat, tegesé tulisan utawa kasusastran, wedha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan tama, dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama duwèni pangertèn: sawijining susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripe manungsa. Serat Wedhatama kalebu salah sawijining susastra jawa sing banget misuwur lan unggul utamane ing babagan reroncening tembung uga kawruh kautaman uripe manungsa.
[sunting] Tèks tembang
|
TEMBANG PANGKUR
|
Jarwa
|