Selat Makassar
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Selat Makassar iku selat sing dumunung ing antara pulo Kalimantan lan Sulawesi ing Indonesia. Selat iki uga ngubungaké Segara Sulawesi ing sisih lor karo Segara Jawa sing ana ing sisih kidul. Selat Makassar klebu kategori segara jero lan minangka salah siji ALKI.
Kutha plabuhan utama ing selat iki yaiku Balikpapan, Makassar, lan Palu. Papan iki uga dadi lokasi tibané pesawat Adam Air Pamaburan 574 sing niwasaké 102 penumpang lan awak pesawat ing tanggal 1 Januari 2007.
| Artikel perkawis geografi Indonesia punika taksih arupi seratan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |