Schokland
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Schokland iku sawijining désa lan manten pulo ing gemeente Noordoostpolder ing provinsi Flevoland ing Walanda. Pulo iki ing taun 1859 dikothongaké lan para padunungé diungsèkaké kabèh déné alesan kamanan. Awit pulo iki saya enthèk lemahé déning érosi. Nganti taun 1932 pulo iki tetep ana ing segara Zuiderzee lan sawisé situbandha Afsluitdijk dibangun ing tlaga IJsselmeer. Sawisé Noordoostpolder dadi garing ing taun 1942, pulo iki kelèt karo dharatan.
Schokland saiki diurusi déning yayasan Flevolandschap. Ing Schokland ana sawijining museum. Saben taun pulo iki ditekani kurang luwih 40.000 jiwa.
[sunting] Delengen uga
- Urk, manten pulo sijiné ing Noordoostpolder
[sunting] Pranala njaba
Pirsani galeri bab Schokland ing Wikimedia Commons.