Ruan
Ruan(阮) yaiku jeneng piranti musik pethik kanthi bentuk bunder, duweni senar cacah papat, lan asale saka Cina.[1][2] Ing Dinasti Qin sinebut Qin Pipa (ategesPipa Dinasti Qin) amarga rupane kang mirip karo piranti musik Pipa nanging duweni gulu dawa.[1] Jeneng Ruan asale saka Ruan Xian, salah sawijining saka Tujuh Orang Bijak Rumpun Bambu ing mangsa Dinasti Jin Barat.[1] Amarga keahliane, jeneng Ruan didadekake jeneng piranti musik iki lan mulai misuwur ing mangsa Dinasti Song.[1] Ing jaman kuwi, senar Ruan digawe saka sutra, ananging Ruan modern duweni senar baja.[2] Dene awake Ruan biyen digawe saka gadhing, ananging saiki digawe saka kayu kang dipasang ing logam.[2]
Jinis Ruan modern ana lima, yaitu Gaoyinruan (高音阮, Ruan bernada tinggi) kang ngasilake swara sopran, Xiaoruan (小阮, Ruan Kecil) kang ngasilake swara alto, Zhongruan (中阮, Ruan tengah) kang ngasilake swara tenor, Daruan (大阮,Ruan Besar) kang ngasilake swara bass lan Diyinruan (低音阮, Ruan bernada rendah) kang ngasilake swaracontabass.[2] Ruan modern kang kang akeh digunakake Opera CIna lan Orkestra Cina kalebu jinis piranti musik pethik (chordophone).[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.