Robert Louis Stevenson
| Robert Louis Stevenson | |
|---|---|
| Lair | 13 November 1850 Edinburgh, Skotlandia |
| Séda | 3 Desember 1894 (umur 44) Vailima, Samoa |
| Pagawéan | Novèlis, penyair, penulis perjalanan |
| Literary movement | Neo-romantisisme |
| Pangaruh marang | Edgar Allan Poe |
| Kapangaruh déning | Jorge Luis Borges, Ernest Hemingway, Rudyard Kipling, Vladimir Nabokov, J. M. Barrie |
Robert Louis Stevenson (13 November 1850 – 3 Desember 1894) yaiku novèlis lan penyair saka Skotlandia.[1] Nalika isih dadi mahasiswa, Dhèwèké wiwit ngerti akèh bab panggonan-panggonan kang kumuh ing kutha, lan ing kono uga ketemu karo wong-wong kang seneng nglakoni kriminal kang banjur metu ing karya novèlé.[1] Amarga kerep lara, banjur Dhèwèké pindhah-pindhah saka kutha siji menyang kutha sijiné ing Éropah.[1] Banjur Dhèwèké seneng karo wong wadon saka negara Amérika sarékat lan malah mèlu menyang California.[1] Lan sawisé wadon mau megat bojoné, banjur Stevenson ngrabi wong wadon kuwi mau.[1] Pungkasan kanggo mulihaké keséhatané, dhèwèké lunga menyang pulo Samoa ing Samudra Pasifik kidul.[1] Senajan kerep lara lan kaluwargané ora sarujuk, banjur Stevenson dadi penulis.[1]
Saumur uripé, Stevenson sregep ngarang.[2] Metuné buku kang pisanan nalika Stevenson isih umur limalas taun.[2] Ing taun 1877 dhèwèké pindhah saka tulisan esei menyang karangan fiksi.[2] Stevenson nulis Treasure Island (1883), yaiku crita petualangan, The Strange Case of Dr Jekyll and Mr Hyde (1886) lan Kidnapped (1886). Crita loro kuwi nyritakaké Skotlandia ing jaman biyèn.[2] Karyané, Dr Jekyll lan Mr Hyde kang ditulis mung telung dina langsung dadi karya kang suksès.[2] Gunggung buku kang wis digawé Stevenson luwih saka telung puluh buku kalebu kumpulan cerkak, novèl-novèl, esei-esei, buku-buku petualangan lan sajak-sajak.[2]
Cathetan sikil [sunting]