Randai
Randai inggih menika satunggalipun seni téater ètnik Minangkabau ingkang nggabungaken manèka warni kasenian, kados musik, tarian, drama, lagu, lan pencak silat.[1] Limrahipun kasenian Randai dipungelar nalika wonten adicara upacara adat utawi sukuran.[1] Kasenian menika saged dipungelar ing pinten-pinten dinten gumantung kaliyan crita nipun.[1] Randai dipungelar minangka téater ing satunggalipun bundheran amrih supados wonten raos manunggalipun peserta Randai lan pamiyarsanipun.[2] Kasenian Randai kalebet gabungan tari, seni bela dhiri, tarian rakyat, nyanyian utawi lagu, lan lakon utawi crita ingkang dipungelar.[1] Crita dipungelar kanthi lakon lan nyanyian lan kathahipun kanthi adhédhasar legénda lan crita rakyat Minangkabau.[1] Wonten lakon crita ingkang dipungelar kados crita Cindua Mato, Malin Deman, Anggun Nan Tongga, lan crita sanèsipun.[1] Kasenian Randai nggadhahi mangfaat minangka hiburan kanggé masyarakat.[1]
Randai asalipun saking abad kaping 20, asil gabungan seni bela dhiri Minangkabau, crita, lan tradisi pagelaran sanèsipun.[3] Tiyang jaler rumiyin limrahipun maragakaken paraga dhobel (paraga jaler lan èstri), ananging wiwit taun 1960-an tiyang èstri ugi sampun saged ndhérék pagelaran kasenian menika.[1]
Pranala Njawi [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h (en)[Pauka, Kirstin. 1998. The Daughters Take Over? Female Performers in Randai Theatre. Journal:The Drama Review; volume=42; issue=1; kaca 113–121; doi=10.1162/105420498760308706]
- ^ (en)[Pauka, Kirstin. 2003. Umbuik Mudo and the Magic Flute: A Randai Dance-Drama. Journal:Asian Theatre Journal; volume=20; issue=2]
- ^ (en)[Cohen, Matthew Isaac. 2003. Look at the Clouds: Migration and West Sumatran ‘Popular’ Theatre. Journal:New Theatre Quarterly; volume:19; issue:3; kaca:214–229; doi=10.1017/S0266464X03000125]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.