Rélik
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Relikwi-relikwi, benda-benda peninggalan dari Rasul Yakobus, Matius, Filipus, Simon orang Zelot, Thomas, dan orang-orang kudus lainnya
Rélik utawa relikwi iku barang-barang paninggalan utawa sisa-sisa awak saka wong suci sing wis kapundhut.[1] Rélik utawa Relikwi iku ana werna-werna, bisa arupa kethokan rambut, balung, sandhangan, lsp.[1] Tumrap Gréja Katulik Roma, rélik nduwèni loro fungsi. Sepisan, minangka piranti kanggo mèngeti wong-wong kudhus lan iman sing wis séda.[1][2] Kaloro, relikui uga dianggo minangka alat komunikasi marang wong-wong kudhus kasebut.[1] Diyakini yèn ing barang-barang mau nèmpèl uga manéka karunia nalika panjenengané isih sugeng.[1]. Salah sijiné ya iku karunia kanggo ngobati lelara.[2]