Pyeongchang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Pyeongchang
평창
—  County  —
Basa Koréa transcription(s)
 - Hangul 평창군
 - Hanja 平昌郡
 - Revised Romanization Pyeongchang-gun
 - McCune-Reischauer P'yŏngch'ang-gun[1]
Resor ski Pyeongchang
Official logo of Pyeongchang
Logo Pyeongchang
Country Flag of Korea Selatan Korea Selatan
Region Gangwon
Pamérangan administratif 1 eup, 7 myeon
Wewengkon
 - Total 1.463,65 km2 (565,1 sq mi)
Populasi (2008)
 - Total 43.706
 - Kapadhetan 30/km² (77,7/mil² )
 - Dhialèk Gangwon

Pyeongchang (평창군) inggih menika nami satunggalipun kabupatèn ing provinsi Gangwon, Koréa Kidul.[2] Kabupaten Pyeongchang inggih menika dados panggenan ingkang kawentar minangka papan pariwisata ing wekdal musim dingin, kados olahraga ski lan rekreasi sanesipun.[2] Pyeongchang wonten ing antawisipun Pagunungan Taebaek lan Charyeong ing provinsi Gangwon saengga musim dingin ing mrika saged dugi langkung cepet lan musim menika wekdalipun dangu.[2] Hawa adhem wonten ing Pyeongchang saged dipunraosaken ing sasi Oktober lan pungkasanipun ing sasi April.[2] Dhataran Kabupaten Pyeongchang kathahipun wonten ing dhataran ingkang dipunapit kaliyan pagununan ingkang nggadhahi inggil langkung saking 1000 meter saking parmukaan segara.[2] Pyeongchang nggadhahi inggil watawis 500 meter saengga padamelan ing bab tani namung sakedhik.[2]

[sunting] Pariwisata

Salah satunggalipun panggenan pariwisata ingkang utami nalika musim dingin ing Pyeongchang inggih menika Resor Doam-myeon ingkang dados resor ski ingkang sepisanan ing Korea ingkang dipunbikak taun 1975.[2] Resor Doam-myeon sukses ngawontenaken kajuaraan kados Winter Asian Games taun 1999 lan final World Cup Skiing ing taun 1998 lan 2000.[2] Wonten ing taun 2000, Kabupaten Pyeongchang nyalonaken dados panggenan adicara Olimpiade Musim Dingin taun 2010 ananging kalah saking kota Vancouver, Kanada.[2] Pyeongchang nyalonaken malih dados tuan rumah Olimpiade Musim Dingin taun 2014.[2] Ananging kalah saking Sochi, Rusia.[3] Rencananipun Pyeongchang badhe saged Olimpiade Musim Dingin taun 2018.[2]

[sunting] Cathetan Suku

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

[sunting] Pranala Njawi

(en)Pyeongchang Wonderland for Winter Sports

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pyeongchang&oldid=670123"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès