Vancouver
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 62 dinten 1219 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Vancouver | |||
|---|---|---|---|
| — Kota — | |||
| Kota Vancouver | |||
|
|||
| Nickname(s): See article | |||
| Motto: "By Sea, Land, and Air We Prosper" | |||
| Lokasi Vancouver ing wilayah Metro Vancouver, British Coloumbia, Kanada. | |||
| Coordinates: 49°15′N 123°6′W / 49.25°N 123.1°W | |||
| Negara | |||
| Provinsi | Cithakan:BC | ||
| Region | Lower Mainland | ||
| Distrik regional | Metro Vancouver | ||
| Incorporated | 1886 | ||
| Named for | Captain George Vancouver | ||
| Pamaréntahan | |||
| • Mayor | Gregor Robertson (Vision Vancouver) | ||
| • City Council |
List of Councilors
|
||
| • MPs (Fed.) |
List of MPs
|
||
| • MLAs (Prov.) |
List of MLAs
|
||
| Wewengkon | |||
| • Kota | 114,67 km2 (4,427 sq mi) | ||
| • Metro | 2.878,52 km2 (111,140 sq mi) | ||
| Èlevasi | 2 m (7 ft) | ||
| Populasi (2006 Census)[1] | |||
| • Kota | 578.041 (8th) | ||
| • Kapadhetan | 5.335/km2 (13,820/sq mi) | ||
| • Metro | 2.116.581 (3rd) | ||
| • Demonym | Vancouverite | ||
| Zona wektu | PST (UTC−8) | ||
| • Summer (DST) | PDT (UTC−7) | ||
| Postal code span | V5K to V6Z | ||
| Kodhe tilpun | 604, 778 | ||
| NTS Map | 092G03 | ||
| GNBC Code | JBRIK | ||
| Website | City of Vancouver | ||
Vancouver ( /væn.ˈkuːvər/ atau /væŋˈkuːvər/) menika satunggaling kutha ing Propinsi British Columbia, Kanada. Kutha menika kalebet dhaérah metropolitan paling ageng ing Kanada bagéyan kulon lan paling ageng nomor tiga ing Kanada. Daerah metropolitan Vancouver dienggeni dening 2.132.824 Vancouverites, sebatan kanggé penduduk Vancouver, kalebet 583.296 jiwa ing kutha Vancouver piyambak[2]. Walikota Vancouver menika Sam Sullivan.
Vancouver menika dados tuan rumah kanggé Olimpiade Musim Dingin 2010, Memorial Cup 2007, lan World Police and Fire Games 2009. Stadium Swangard ing Burnaby ugi dados papan kompetisi Piala Dunia FIFA U-20 2007.
Bab lan Paragraf |
Geografi [sunting]
Vancouver menika mapan ing , winatesan kaliyan Selat Georgia ingkang kapisahaken saking Samodra Pasifik dening Pulo Vancouver. Vancouver mlebet ing zona wekdal Pasifik (UTC-8) lan Zona Ekologi Maritim Pasifik. Vancouver boten mapan ing Pulo Vancouver ananging mapan wonten ing Semenanjung Burrard. Ananging nama kutha lan pulo kasebut dipunpendhet saking nama George Vancouver, kaptèn angkatan laut saking Britania Raya ingkang njelajah dhaérah menika ing taun 1792.
Vancouver menika kagungan are kanthi wiyaripun 114,67 km² kaperang dados dhaerah ingkang rata lan dhaerah ingkang berbukit. Vancouver ugi dipunubengi dening kathah perairan. Cathetan sejarah nedahaken bilih paling sekedik 50 aliran toya lan cabangipun ing Vancouver ananging sesarengan kaliyan majenging kutha, samenika kantun sekawan.
Pemandangan [sunting]
Vancouver menika dipunkenal kaliyan donya awit saking kaendahan kuthanipun. Kutha menika gadhah salah satunggal saking taman kutha paling ageng ing Amerika Utara, Taman Stanley utawi Stanley Park. Pemandangan ing kutha menika paling kathah Pegunungan Pesisir Lor lan pemandangan ing dinten ingkang cerah saged dumugi Gunung Baker ing Washington, Amerika Serikat. Pulo Vancouver menika ing sebrang Selat Georgia lan Panté Sunshine.
Iklim [sunting]
Iklim wonten ing Vancouver menika kalebet ukuran sedeng kanggé ukuran Kanada. Sasampunipun Victoria, kutha menika kutha paling anget nomor kalih nalika musim adem kanthi suhu minimum ing sangandhaping 0° C kanthi rata-rata 46 dinten per taun lan ing sangandhaping -10° C namung 2 dinten per taun. Langkung saking setengah dinten ing musim adem wonten jawah ( udan ), namung 9 dinten wonten salju, lan 3 ingkang saljunipun langkung saking 5 cm. Curah jawah menika manéka antawisipun 1.100 mm dumugi 3.500 mm. Ing musim panas, suhu sedengan kanthi dinten ingkang cerah lan garing. Rata-rata uhu paling inggil menika ing wulan Juli lan Agustus saged dumugi 22° C, langkung saking 30° C namung kaping pisan saben 5 musim panas. Badai lan gluduk menika kalebet arang kedadosan.
Cathetan suku [sunting]
- ^ "Census 2006 Community Profiles: Vancouver, City and CMA". Government of Canada. 2006. http://www12.statcan.ca/census-recensement/2006/dp-pd/prof/92-591/details/page.cfm?Lang=E&Geo1=CSD&Code1=5915022&Geo2=CMA&Code2=933&Data=Count&SearchText=Vancouver&SearchType=Begins&SearchPR=01&B1=All&Custom=.
- ^ bcstats.gov.bc.ca