Prasasti Jambu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Prasasti Jambu

Prasasti Jambu utawa Pasir Kolengkak inggih menika prasasti ingkang asalipun saking Kerajaan Tarumanegara ingkang dipuntemokaken ing dhaérah kebon jambu, kinten-kinten 30 km sisih kulon Kitha Bogor. Prasasti menika dumunung ing Kampung Pasir Gintung Parakan Muncang, Kecamatan Nanggung, Bogor.[1] Prasasti menika nggadhahi kagunan ingkang wigati amargi minangka salah satunggaling sumber sujarah kontemporer.[1]

Wosing Prasasti[sunting]

Wangna pun ini sakakala, prebu ratu purane pun, diwastu diya wingaran prebu guru dewataprana. [2]

di wastu diya wingaran sri baduga maharaja ratu hajj di pakwan pajajaran seri sang ratu dewata pun ya nu nyusuk na pakwan.[2]

diva anak rahyang dewa niskala sa(ng) sida mokta dimguna tiga i(n) cu rahyang niskala-niskala wastu ka(n) cana sa(ng) sida mokta ka nusalarang.[2]

ya siya ni nyiyan sakakala gugunungan ngabalay nyiyan samida, nyiyanl sa(ng)h yang talaga rena mahawijaya, ya siya, o o i saka, panca pandawa e(m) ban bumi.[2]

Terjemahan

Mugi rahayu, menika tandha piweling suwargi Prabu Ratu, dipuntetepaken panjenenganipun mawi asma Prabu Guru Dewataprana.[2]

ditetepaken (malih) panjenenganipun mawi asma Sri Baduga Maharaja Ratu Aji ing Pakuan Pajajaran Sri Sang Ratu Dewata. Panjenenganipun ingkang ndamel pecerèn (pertahanan) Pakuan.[2]

Panjenenganipun putra Rahiyang Dewa Niskala ingkang dipunpusaraken ing Gunatiga, wayah Rahiyang Niskala Wastu Kancana ingkang dipunpusaraken dhumateng Nusa Larang.[2]

Panjenenganipun ingkang ndamel tandha piweling arupi gunung-gunungan, ndamel undhakan kanggé wana Samida, ndamel Sahiyang Telaga Rena Mahawijaya (dipundamel) ing salebeting (warsa) Saka "Panca Pandawa Mengemban Bumi".[2]


Pirsani Ugi[sunting]

Cathetan Suku[sunting]

  1. ^ a b (id)Prasasti Jambu(dipunundhuh 3 Januari 2013)
  2. ^ a b c d e f g h (id)Isi Prasasti Jambu(dipunundhuh 3 Januari 2013)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Prasasti_Jambu&oldid=835965"