Pay

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Pay
Pemberkatan pay dan irene di senayan-20100924-020-acat.jpg
Latar mburi
Jeneng lair Parlin Burman Siburian
Lair 2 Mei 1970 (umur 42)
Flag of Indonesia.svg Pematang Siantar, Sumatra Lor, Indonésia
Perdamelan musikus
Taun aktif 1992 - saiki
Hubungan
Pasangan Irene Anastasya Pricilia

Parlin Burman Siburian (populèr kanthi jeneng Pay; lair ing Pematang Siantar, Sumatra Lor, 2 Mei 1970; umur 42 taun).[1] Pay yaiku salah sijiné musikus kang asalé saka Indonésia.[1] Pay iku salah sijiné anggota saka band rock BIP kang wis nggawé album kang cacahé loro yaiku album kang judhulé Turun dari langit lan Min Plus.[1] Pay uga kepilih dadi salah sijiné gitaris kang tampil ing album Gitar Klinik lan jam sesiné bareng karo Andy Timmons ing Hard Rock Cafe Jakarta.[1]

Pay iku mantan anggotané Slank.[1] Pay mlebu Slank nalika taun 1989.[1] Nalika iku Pay tepung karo produser lan njajal nawakaké dhémo musiké Slank.[1] Pungkasané Slank wiwit rekaman nalika taun 1990.[1] Nalika iku Slank kasusun saka personil kang cacahé lima.[1] Déné personilé yaiku Pay, Bimbim, Bongky, Indra lan Kaka.[1]

Pay tau nggabung karo Andy Liany, Ronald, lan Once.[1] Wong telu iki banjur mbentuk Fargat 27, lan nggawé album kang judhulé Seribu Angan. [1]

Pay banjur palakrama karo Cynthia Dewi Bayu Wardhani utawa kang luwih ditepungi kanthi jeneng Dewiq.[2] Dewiq iku salah sijiné penyanyi kang asalé saka Ujung Pandang, Indonesia.[2] Saliyané iku, Dewiq uga dadi musikus lan penyanyi.[2] Ananging Pay banjur pegatan karo Dewiq.[2] Sawisé pegatan karo Dewiq, taun 2010 Pay banjur palakrama karo Irene Anastasya Pricilia.[2]

[sunting] Cathetan sikil

  1. a b c d e f g h i j k l (id)batakpos-online.com(diundhuh tanggal 19 Juli 2011)
  2. a b c d e (id)tempointeraktif.com(diundhuh tanggal 19 Juli 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pay&oldid=661947"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès