Pambuluh nadi

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Potongan ing pambuluh nadi

Pambuluh nadi utawa arteri iku pambuluh getih sing ana ototé kang nggawa getih saka jantung. Fungsi iki walikané fungsi pambuluh balik kang nggawa getih nuju jantung.

Sistem sirkulasi penting banget kanggo mempertahankan urip. Fungsi utamané yaiku ngirim oksigen lan nutrisi nuju kabèh sel, sarta ngangkut dat buwangan kaya karbon dioksida. Ing negara berkembang, loro kadadèan pepati utama dijalari déning infark miokardium lan stroke ing sistem pambuluh getih, umpamané arterosklerosis.

Bab lan Paragraf

[sunting] Panggambaran

Sistem pambuluh nadi nduwé bagéan tekanan sing dhuwur ing sistem sirkulasi. Tekanan getih biasané nunjukaké tekanan ing pambuluh nadi utama. Tekanan nalika jantung ngembang lan getih mlebu ing jantung disebut diastol. Tekanan sistol tegesé tekanan getih nalika jantung kontraksi lan getih metu saka jantung. Tekanan getih iki bisa dikur kanthi tensimeter utawa sfigmomanometer.

[sunting] Anatomi

Anatomi dinding pambuluh nadi.

Lapisan paling njaba disebut tunika adventitia sing kasusun saka jaringan panyambung. Ing lapisan saterusé ana tunika media sing kasusun saka otot polos lan jaringan elastis. Lapisan paling njero yaiku tunika intima sing kasusun saka sel endothelial. Getih mili ing njero yaiku ing lumen.

[sunting] Jinis pambuluh nadi

Ana sapérangan jinis pambuluh nadi ing awak, yaiku:

[sunting] Arteri pulmonaris

Pambuluh iki nggawa getih sing wis dideoksigenasi sing gèk entes waé diilèkaké saka paru-paru.

[sunting] Arteri sistemik

Arteri sistemik nggawa getih nuju arteriol lan banjur nuju pambuluh kapiler, ing ngendi dat nutrisi lan gas diijolaké.

[sunting] Aorta

Aorta iku pambuluh nadi paling gedhé ing awak sing metu saka ventrikel jantung lan nggawa akèh oksigen.

[sunting] Arteriol

Arteriol iku pambuluh nadi paling cilik sing gegandhéngan karo pambuluh kapiler.

[sunting] Pambuluh kapilèr

Pambuluh iki dudu pambuluh nadi sabeneré. Ing kéné dumadi ijolan dat sing dadi fungsi utama sistem sirkulasi. Pambuluh kapilèr iku pambuluh sing nggandhéngaké cawang-cawang pambuluh nadi lan cawang-cawang pambuluh balik sing paling cilik karo sel-sel awak. Pambuluh nadi lan pambuluh balik iku nduwé akèh cawang, lan ukuran cawang-cawang pambuluh iku saya adoh saka jantung saya cilik. Pambuluh kapilèr alus banget lan dindingé tipis.

[sunting] Pirsanana uga


Sistem kardiovaskular - sunting

Jantung | Aorta | Artéri | Artériol | Kapiler | Venule | Vena | Vena cava | Artéri pulmonari | Paru-paru | Vena pulmonari | Getih

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Pambuluh_nadi"