Okeanos
| Okeanos | |
|---|---|
Patung Okeanos ana ing Air mancur Trevi, Roma |
|
| Dewa banyu, segara, tlaga, kali, lautan, samudra, lan kolam | |
| Simbul | Samudra, segara lan banyu |
| Pasangan | Tethis |
| Wong tuwa | Uranus lan Gaia |
| Sedulur | Tethis, Kronos, Rea, Theia, Hiperion, Themis, Krios, Mnemosine, Koios, Foibe, Iapetos, para Kiklops lan para Hekatonkhire |
| Anak | Thetis, Metis, Amfitrit, Dodone, Pleione, Neda, Nefele, Amfiro dan para Okeanid lainnya serta Inakhos, Amnisos lan para Potamos liyane |
Okeanos (basa Yunani: Ὠκεανός, "samudra")[1] yaiku Titan lautan lan samudra ana ing mitologi Yunani.[1] Okeanos yaiku putra saka Gaia lan Uranus.[1] Dening masyarakat ing Yunani lan Romawi kuna, Okeanos dipercaya dadi Samudra donya, yaiku sawijining segara reksasa kang ngubengu donya.[1] Sedulur kang uga dadi bojone Okeanos yaiku Tethis.[2] Saka hubungane Okeanos lan Tethis, lair 3000 putri kang dikenal karo para Okeanid.[2] Salah siji saka Okeanid kang misuwur yaiku Klimene utawane Asia.[2] Anak-anak Okeanos kang liyane yaiku kabeh kali, banyu mancur, lan tlaga kang ana ing donya.[2] Akeh sejarahwan kang percaya bahwa yen Okeanos nglambangake kabeh segara, kalebu uga Segara Mediterania lan Samudra Atlantik, yaiku segara kang paling gedhe kang dikenal dening wong Yunani kuna.[2] Nanging merga ilmu geografi kang sansaya akurat, Okeanos nglambangake sawijining segara kang ora dikenal lan ora ana ing Samudra Atlantik. Dene Mediterania dipercaya masyarakat dikuasai dening Poseidon.[2] Okeanos kang kalebu saka sawijining Titan, ana ing Titanomakhia dheweke ora melu mbantu Titan lan lewih milih kanggo netral lan ora mbela salah sisji.[1] Nalika Kronos arep nggulingake kakuwasaane bapake Uranus, Okeanos uga ora melu cawe-cawe.[1]