Mozilla Firefox

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Mozilla Firefox
Mozilla Firefox IconMozilla Firefox wordmark
Firefox 3.6 Screenshot.png
Mozilla Firefox 3.6 ing Linux Ubuntu, nampilaké Wikipedia.
Perancang Mozilla Corporation
Pangembang Mozilla Corporation / Mozilla Foundation
Rilis pisanan November 4, 2004 (2004-11-04)
Vèrsi stabil

3.6.13

/ Cithakan:Start date and age
Vèrsi pangenalan

4.0 Beta 10

/ Januari 25, 2011; 15 wulan ingkang kapengker (2011-01-25)
Sistem operasi Windows
Mac OS X
Linux
BSD
Solaris
OpenSolaris
GNU
Basa komputer Multibasa
Status pangembangan Aktif
Tipe Panjlajah wèb
Lisènsi Mozilla EULA untuk distribusi biner
Situs wèb http://www.mozilla.com/firefox/

Mozilla Firefox (asliné jeneng Phoenix banjur dikenal minangka Mozilla Firebird) iku panjlajah wèb antar-platform gratis sing dikembangaké déning Yayasan Mozilla lan atusan sukarelawan. Versi 3.0 dirilis ing tanggal 17 Juni 2008.

Sadurungé rilis versi 1.0-nya tanggal 9 November 2004, Firefox wis antuk sambutan sing apik banget saka pihak médhia, klebu saka Forbes lan Wall Street Journal. [1][2] Kanthi luwih saka 5 yuta download jroning 12 dina pisanan rilisé lan 6 yuta nganti 24 November 2004, Firefox 1.0 minangka salah siji piranti alus gratis, sumber-kabuka (open-source) sing paling akèh dipigunakaké ing antara panganggo omahan. [3]

Liwat Firefox, Yayasan Mozilla nduwèni angkah arep ngembangaké sawijining browser wèb sing cilik, cepet, simpel, lan gampang dikembangaké (kapisah saka Mozilla Suite sing luwih gedhé). Firefox wis dadi fokus utama perkembangan Mozilla bebarengan karo client e-mail Mozilla Thunderbird, lan wis nggantèkaké Mozilla Suite minangka rilis browser resmi Yayasan Mozilla.

Vèrsi 2.0 diluncuraké tanggal 24 Oktober 2006. Ing vèrsi 2.0 ini, Mozilla nduwèni bug (kakurangan) yaiku bakal "crash" yèn mbuka web page (kaca Wèb) sing gedhé banget lan nduwèni JavaScript, nanging bab iki wis didandani. [4]

Bab lan Paragraf

[sunting] Prastawa

  • Versi 3.0 sing diluncuraké 17 Juni 2008 minangka vèrsi pisanan sing ndhukung antarmuka Basa Indonésia.
  • Mozilla Firefox Sentuh Angka Download 1 Miliar [5]

[sunting] Deleng uga

  • Netscape Navigator, browser Mozilla Firefox digagas adhedhasar browser iki.
  • Internet Explorer, browser kanthi panganggo paling akèh wektu iki.
  • Opera, browser multiplatform saka personal computer nganti PDA sing ènthèng lan cepet.

[sunting] Referensi

[sunting] Catatan sikil

  1. http://www.forbes.com/2004/09/29/cx_ah_0929tentech.html?partner=tentech_newsletter
  2. http://ptech.wsj.com/archive/ptech-20040916.html
  3. http://www.spreadfirefox.com/?q=node/view/6581
  4. http://www.pcworld.com/article/id,127739-c,mozilla/article.html
  5. http://digg.com/people/Mozilla_Firefox_Sentuh_Angka_Download_1_Miliar_1_Billion

[sunting] Pranala jaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Mozilla_Firefox&oldid=664508"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès