Miri, Sragèn
| Kecamatan Miri |
| Kabupaten |
| Kabupatèn Sragèn |
| Camat |
| Pudjiatmoko. S.Sos. |
| Jembar |
| 5.380,99 Ha |
| Pedunung |
| 32.606 jiwa |
| Désa/Kelurahan |
| 10/- |
Kecamatan Miri iku salah siji kecamatan ing kabupatèn Sragèn, provinsi Jawa Tengah, Indonésia. Kecamatan Miri dumunung ing sisih kulon ibukutha Kabupatèn Sragèn watara 35 Km ( 25 Km saka Solo ). Tapel wates wilayah Kecamatan Miri sisih lor wilayah Kabupatèn Grobogan, sisih wétan wilayah Kecamatan Gemolong,sisih kidul wilayah Kecamatan Kalijambé lan sisih kulon wilayah Kabupatèn Bayalali. Kecamatan Miri iki dadi gapurané wilayah Kabupatèn Sragèn saka arah kulon.
Bab lan Paragraf |
Désa-Désa[sunting]
Désa-désa ing Kecamatan iki ana 10 yaiku désa: Geneng, Jeruk, Sunggingan, Girimarga, Dhoyong, Saka, Brojol, Bagor, Gilireja, lan désa Gilireja Baru
Geografi[sunting]
Kecamatan Miri nduwèni wewengkon sing jembaré 5.380,99 Ha dumadi saka lahan sawah 1.417,77 Ha (26,35%) sing kapérang:
- Lahan Sawah: Irigasi Teknis 194 Ha ( 3,61%), Irigasi ½ Teknis 0 Ha (0%), Irigasi Sederhana 51,20 Ha (0,95%) lan Tadah udan 1.172,57 (21,79%).
- Lahan dudu sawah: Pekarangan/bangunan 1.316,46 Ha (24,47%),
Tegal/kebun 1.031,70 Ha (19,17%), Padang/Gembala 4,99 Ha (0,09%) Tambak/Kolam 1,02 Ha (0,02%), Alas Negara 76,00 Ha (1,25%), perkebunan 1,50 Ha (0,03%), Liya-liya 1.540,55 (28,63%).
Wilayah Kecamatan Miri dumunung ing èlevasi 115 m saka lumahing segara, mayoritas dumadi saka lemah kapur, curah udan 2.712 mm/taun, iklim tropis lan temperatur sedheng.[1]
Demografi[sunting]
Cacahing pedunung Kecamatan Miri yakuwi 32.606 jiwa dumadi saka 16.202 lanang lan 16.586 wadon. Gunggung KK 9811, kanthi 2.843 KK kagolong kulawarga prasaja (miskin).[2]
Rujukan[sunting]
Deleng uga[sunting]
Pranala jaba[sunting]
|
Miri, Sragèn, Jawa Tengah |
|
|---|---|
|
Desa/Kelurahan: Geneng | Jeruk | Sunggingan | Girimargo | Doyong | Soko | Brojol | Bagor | Gilirejo | Gilirejo Baru |
|
|
|||||||
|
||||||||||||||||||