Miley Cyrus
| Miley Cyrus | |
|---|---|
| Latar wuri | |
| Génré | Pop, Rock, Country, Synthpop, Electropop |
| Pegawéyan | Penyanyi Aktris Pengarang Penulis lagu Musisi |
| Instrumèn | Vokal Gitar Piano |
| Taun aktif | 2003–sapunika |
| Magepokan karo | Demi Lovato |
| Situs wèb | www.mileycyrus.com |
Destiny Hope Cyrus (lair ing Nashville, Tennessee, Amerika Serikat, 23 November 1992; umur 19 taun) yauku, aktris lan penyanyi pop,aktris,pengarang lagu,uga pemain musik, Dheweké berperan dadi Miley Stewart, penyanyi pop kang kondhang, kang anduweni kauripan serba glamour lan susah njaga karahasiaané.[1] [2] Miley, wus nulis atusan tetembangan lan akeh-akehé lagu ciptaané.[2] Ning acara iki uga Miley, dheweké biasa diundhang, sering ditembangaké.[2]
Program TV liya kang dibintangi penyanyi lagu Pumpin Up the Party Now iki yaiku Doc taun 2003, The Emperor's New School taun 2006,The Replacements taun 2007 lan The Suite Life of Zack & Cody ning taun 2007.[2] Samantara film layar lebar kang tau dibintangi dening dheweké yaiku antarané[2]:
- Big Fish ning taun 2003,
- High School Musical 2 ning taun 2007,
- Further Adventures In Babysitting lan versi film Hannah Montana.[2]
Dheweké lair ning Nashville, Tennessee, Amerika Serikat.[2] Dheweké anak wadon saka pasangan penyanyi kondhang Billy Ray Cyrus lan Leticia 'Tish' Cyrus.[2] Dheweké anduweni saudara wadon kang dadi aktris, yaiku Noah Lindsey Cyrus lan anduweni saudara lanang, Braison Chance Cyrus.[2]
Miley mbuktikaké kamampuan aktingé, karo main film BOLT, produksi Disney.[2] Ning film iki, Miley uga nyumbangaké suarané dadi soundtrack film.[2]
Ning kauripané, Miley njalin hubungan karo Justin Gaston, model pakaian dalam.[2] Miley balli maneh mbintangi film produksi disney ning taun 2009.[2] Ning film kang judulé HANNAH MONTANA: THE MOVIE iki, uga tau berakting ning lan melu nyumbang suara kanggo sountrack film iki.[2] Ora namung kuwi, single The Climb bisa dadi peringkat 6 ning chart Billboard Hot 100.[2] Ning wulan Agustus taun 2009, Miley ngeluncuraké fashion line andewené.[2]