Masjid Quba
Masjid Quba iku masjid pisanan sing dibangun déning Rasulullah saw. ing taun 1 Hijriyah utawa 622 Masehi ing Quba, watara 5 km ing sisih kidul-wétan kutha Madinah. Jroning Al Qur'an disebutaké yèn masjid Quba iku mesjid sing dibangun kanthi dhasar takwa (Surat At Taubah:108).
Sajarah [sunting]
Allah s.w.t muji masjid iki lan wong sing ngadegaké sembahyang ing jeroné saka kalangan pedunung Quba' kanthi Firman-É:
Sayektiné masjid iku sing diadegaké kanthi dhasar takwa (Masjid Quba) wiwit dina pisanan iku luwih patut kanggomu (Hai Muhammad) sembahyang ing jeroné. Ing sajeroné ana wong-wong sing kepingin ngresikaké dhiri.......(At Taubah, 108).
Masjid iki ngalami rénovasi makaping-kaping. Khalifah Umar bin Abdul Aziz iku wong pisanan sing mbangun menara masjid iki. Saiki renovasi masjid iki ditangani déning kulawarga Saud. Ngutip buku kanthi judhul Sejarah Madinah Munawarah sing ditulis Dr Muhamad Ilyas Abdul Ghani, masjid Quba iki wis direnovasi lan dijembaraké ing mangsa Raja Fahd ibn Abdul Aziz taun 1986. Renovasi lan gawé luwih jembar iki merlokaké béya 90 yuta riyal sing agawé masjid iki nduwèni daya tampung nganti 20 èwu jamaah.
Bangunan masjid Quba [sunting]
Senadyan prasaja banget, masjid Quba bisa dianggep minangka conto wangun masjid sing diadegaké wong sabanjuré. Bangunan sing prasaja banget iku wis ngebaki sarat-sarat sing perlu kanggo ngadegaké masjid.