Umar bin Abdul Aziz
| Umar II عمر بن عبد العزيز |
||
|---|---|---|
| Mréntah | 717 – 720 | |
| Dipunnobataken | 717 | |
| Dipunlantik | 717 | |
| Nami jangkep | Umar bin Abdul-Aziz | |
| Miyos | 2 November 682 | |
| Madinah[1] | ||
| Tilar donya | Februari 720[1] | |
| Dekat Aleppo, Syiria[1] | ||
| Pendahulu | Sulaiman bin Abdul-Malik | |
| Pangganti | Yazid bin Abdul-Malik | |
| Consort to | Fatimah binti Abdul-Malik | |
| Yoga | Abdul-Malik bin Umar | |
| Wangsa | Banu Abd Shams | |
| Dinasti | Umayyah | |
| Bapa | Abdul-Aziz bin Marwan | |
| Ibu | Ummu Asim Laila binti Asim | |
Umar bin Abdul-Aziz (Basa Arab: عمر بن عبد العزيز, kanthi gelar Umar II, lair ing taun 63 H / 682 – Februari 720; umur 37–38 taun)yaiku Khalifah ka 6 Bani Umaiyyah. Impene Umar bin Khattab dadi kasunyatan, Islam ing puncak keemasan ing jamane kepemimpinan Umar bin Abdul Aziz. [2]
Bab lan Paragraf |
Nasab [sunting]
Dhèwèké nduweni jeneng jangkep Umar bin Abdul Aziz bin Marwan bin Hakam bin Abu al-'Ash bin Umayah bin Abdu Syam bin Abdu Manaf bin Qushay bin Kilab sawijining keturunan Bani Umayah, trah Quraisy. Dheweke biyasa diundang Abu Hafs, ing kalangan Bani Umayyah dheweke luwih dikenal al-Asyaj (sing nduweni luka ing rai). Bapake yaiku Abdul Aziz -sawijining gubernur mesir ing pemerintahan khalifah Abdul Malik bin Marwan- sawijining kandidiat kang dicalonke kanggo ngganteni kekhalifahan sakwise bapake; Marwan bin Hakam, tapi ajal kesusu methuk. Ibuke yaiku; Laila bintu Ashim bin Umar bin Khattab, biasa diundang Ummu Ashim. Saka garis keturunan pihak ibu, dheweke yaiku canggah saka Umar bin Khattab.[3]
Dicritakaké nalika Abdul Aziz arep nglamar Laila, dhèwèké ngomong marang atasané, "Kumpulaké kanggoku patangatus dinar saka bandhaku sing paling apik, amarga aku arep nglamar wong wadon saka kulawarga kang apik." Akhire Abdul Aziz menikahi Laila.[4]
Lair [sunting]
Umar bin Abdul Aziz lair ing Halawan, kampung ing Mesir, taun 61 Hijrah. Umar cilik urip ing sajroning lingkungan istana lan mewah. Nalika isih cilik, dheweke nate nandangi kacilkan, tanpa sengaja jaran lanang nendang dheweke nganti bathuke suwek tekan balunge ketok. Kabeh panik lan nangis, kejaba Abdul Aziz sing kaget lan mesem. Sinambi ngobati Umar cilik, dheweke ngendika, “Senenga Ummi Ashim. Impene Umar bin Khattab insyaallah kadaden, dheweke anak saka trah Umayyah sing bakal ndadekake apik bangsa iki.“[5]
Dheweke lair ing jamane pemerintahan khalifah Yazid bin Mu'awiyah, bareng karo sedone Maemunah garwa Nabi Muhammad. Dheweke wektu cilike ing Madinah Munawwarah karo golek ilmu para ulama. Sahingga dheweke nduweni kautaman ilmu lan agama, sakliyane trah 'darah biru' lan kakehan bandha.
Nikah [sunting]
Sakwise bapake sedo, dheweke urip ing Damaskus karo khalifah Abdul Malik, pamane, banjur dinikahke karo salah sawijining anake, yaiku Fatimah.
Khalifah [sunting]
Umar bin Abdul Aziz dibaiat dadi khalifah kurang luwih 2,5 taun, saka taun 99 H tekan taun 101 H, kalebu singkat kanggo jabatan khalifah kang abot banget lan dituntut kanggo bisa mbenakke bidang ketatanegaraan, tapi wektu kang singkat mau digunakake Umar bin Abdul Aziz kanthi maksimal kanggo nglakoni amanah, sahingga akhire dheweke entuk prestasi kang nyenengake. Umar bin Abdul Aziz yaiku keturunan bangsawan kang terhormat, dadi wis biasa menawa urip serba cukup sakdurunge dadi khalifah. Tapi sakawit dadi menjadi khalifah kahanane dadi kuwalik, dheweke dadi luwih sederhana,yaiku sakawit melu pemakamane Sulaiman bin Abdul Malik.[6]
Cathetan suku [sunting]
| Sing mengku sadurungé: Sulaiman |
Khalifah Bani Umayyah (717—720) |
Diganti déning: Yazid II |
|
||||||||||||||||||||||||||