Manisha Koirala
| Manisha Koirala | |
|---|---|
Potrait of Manisha Koirala |
|
| Lair | Manisha B. Koirala 16 Agustus 1970 (umur 41) Kathmandu, Nepal |
| Jeneng liya | Manisha Koirala Dahal |
| Pakaryan | Film actress |
| Taun aktif | 1989–present |
| Garwa | Samrat Dahal (2010–present) |
| Website http://www.manishakoirala.net.in/ |
|
Manisha B. Koirala (lair tanggal 16 Agustus 1970 (umur 41)) dheweke kuwi aktris saka India.[1] Dheweké kuwi aktifis sosial lan uga penari India klasik.[1] Manisha kondhang amarga meranaké tokoh Shaila Bano ning film BOMBAY, kang akiré nganteraké dheweké olih bebungah Best Aktris Filmfare Award.[1]
Aktris kang miwiti akting liwat peran pendukung ning film Nepal PHERI BHETAULA kang dirilis ning taun 1989 kuwi, njegur ning donya akting Bollywood liwat film SAUDAGAR, dirilis ning taun 1991.[1] Nyusul sawis kuwi, dhewek olih tawaran kanggo mbintangi kang akir bisa sukses dibintangi dening dhewek.[1] Kayata film kang judul film 1942: A LOVE STORY, dirilis nalika taun 1995, BOMBAY dirilis nalika taun 1996, AKELE HUM AKELE TUM dirilis nalika tuan 1996, KHAMOSHI: THE MUSICAL dirilis nalika taun 1997, AGNI SAKSHI dirilis nalika taun 1997, DIL SE dirilis nalika taun 1999, COMPANY dirilis nalika taun 2003 lan ESCAPE FROM TALIBAN dirilis nalika taun 2004.[1]
Wanita kang tau mbintangi film PAISA VASOOL taun 2004 bebarengan karo Sushmita Sen kuwi tau dadi duta UNFPA, lembaga ning PBB kang pagawean nyejahterakaké wong-wong sadonya.[1] Ora namung kuwi, dheweké uga dadi aktifis hak-hak wanita India.[1] Manisha kuwi putu saka Bishweshwar Prasad Koirala, mantan perdana menteri Nepal ning periode 1950-an.[1] Ora namung kuwi, dheweké kuwi esih sadhuluran karo Siddharth Koirala, kang uga aktor saka India.[1]
Kauripan bebrayananané karo pebisnis saka Nepal, Samrat Dahal ora bisa anggawe dheweké urip tentrem.[2] Mula nalika taun 2010 dheweké nulis status kang anggawe geger ning facebook.[2] Dheweké nulisaké menawa dheweké anduweni kepenginan kanggo pisah karo Samrat kang dinikahi nalika sasi Juni, dheweké uga nambahaké menawa kadadia kuwi kelaksanan, dheweké bakal ngelarani wong tuwané.[2]
Ananging, pirang jam sawisé dheweké nulis status kaya kuwi dheweké gage mbusak.[2] supaya kuwi ora nggawe dheweké diomongnaké ning publik amarga status kuwi.[2]