| Jinis | Perusahaan katutup |
|---|---|
| Indhustri | Internet |
| Didirikan | Cambridge, Massachusetts (4 Februari 2004) |
| Kantor pusat | Palo Alto, California |
| Tokoh wigati | Mark Zuckerberg, Pangadeg lan CEO Dustin Moskovitz, Pangadeg lan Wakil Presidhen Teknis Owen Van Natta, COO Matt Cohler, Wakil Presidhen Strategi lan Operasi Bisnis Chris Hughes, Pendhiri |
| Pametu | 100 yuta ASD[1] (estimasi 2006) |
| Karyawan | 300+ (Juli 2007) |
| Situs wèb | www.facebook.com |
Facebook iku situs web jejaring sosial sing diluncuraké tanggal 4 Februari 2004 lan diadegaké déning Mark Zuckerberg, lulusan Harvard lan mantan murid Ardsley High School. Kaanggotaan Facebook wiwitané diwatesi kanggo siswa saka Harvard College. Jroning rong wulan sabanjuré, kaanggotaané dibukak kanggo sekolah liya ing wilayah Boston (Boston College, Boston University, MIT, Tufts), Rochester, Stanford, NYU, Northwestern, lan kabèh sekolah sing klebu jroning Ivy League. Akèh pawiyatan luhur liya sing sabanjuré ditambahaké jroning wektu setaun sawisé peluncuran. Pungkasané, wong-wong sing nduwèni alamat e-mail sawijining universitas (kayadéné .edu, .ac.uk, lsp) saka saindhwnging donya bisa uga gabung marang situs iki.
Sabanjuré dikembangaké uga jaringan kanggo sekolah-sekolah tingkat dhuwur lan sawetara perusahaan gedhé. Wiwit 11 September 2006, wong kanthi alamat layang-e apa waé bisa ndaftar ing Facebook.[2] Panganggo bisa milih gabung marang siji utawa luwih jaringan sing ana, kayata miturut sekolah tingkat atas, papan nyambut gawé, utawa wilayah geografis.
Nganti Juli 2007, situs iki nduwèni gunggung panganggo kadhaptar paling gedhé ing antara situs-situs sing fokus marang sekolah kanthi luwih saka 34 yuta anggota aktif sing diduwèni saka saindhenging donya.[3] Wiwit September 2006 nganti September 2007, peringkaté mundhak saka posisi ka-60 dadi posisi ka-7 situs paling akèh dibukak,[4] lan minangka situs nomer siji kanggo foto ing Amérika Sarékat, ngungguli situs publik liya kaya Flickr, kanthi 8,5 yuta foto diamot saben dinané.[5][6]
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ Arrington, Michael (2006). Yahoo’s “Project Fraternity” Docs Leaked. TechCrunch. URL diaksès tanggal 6 Juni 2007
- ↑ Facebook: The Newest Fad in Marketing. (HTML) Thinkubator: Facebook, the latest fad in marketing. URL diaksès tanggal 25 Juli 2007
- ↑ Maestri, Nicole (2007). "Wal-Mart using Facebook to win back-to-school sales". (news)
- ↑ Related info for: facebook.com/. Alexa Internet.
- ↑ Doug Beaver. (2007). Facebook Photos Infrastructure. (html) Facebook Weblog. Facebook. URL diaksès tanggal 30 Mei 2007
- ↑ Donna Bogatin. (2007). Why Facebook Is Scarier than Google. (html) ZDNet Blogs - Digital Markets. CNET Networks. URL diaksès tanggal 28 Mei 2007
[sunting] Pranala njaba
- (en) Facebook
- (en) Blog resmi Facebook
- (en) Platform Facebook
- With friends like this... - The ugly truth about the founders of Facebook In The Guardian, 14.01.2008