Mahmud Ahmadinejad
|
Mahmud Ahmadinejad
محمود احمدینژاد-- |
|
|
|
|
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 3 Agustus 2005[1] |
|
| Pemimpin | Ali Khamenei |
|---|---|
| Pejabat sadurungé | Muhammad Khatami |
| Pengganti | Masih menjabat |
|
|
|
| Lair | 28 Oktober 1956 (umur 56) Aradan, Iran |
| Kabangsan | Iran |
| Partai pulitik | Perhimpunan Insinyur Islam |
| Agama | Islam Syi'ah |
Mahmud Ahmadinejad utawi saged dipunwaos Ahmadinezhad (basa Persia: محمود احمدینژاد ; lair ing Aradan, Iran, 28 Oktober 1956; umur 56 taun [2][3]) inggih menika Présidhèn Iran kaping enem ingkang pikantuk 61.91% swanten pamilih nalika Pamilian Prèsidhén Iran tanggal 24 Juni 2005. [3] Jabatan krèsidhénanipun dipunwiwiti tanggal 3 Agustus 2005. [1] Panjenenganipun naté njabat dados walikota Teheran wiwit 3 Mei 2003 ngantos dumugi 28 Juni 2005 nalika panjenenganipun kapilih dados Présidhèn Iran.[2] Panjenenganipun misuwur minangka satunggalipun tokoh konservatif ingkang manut sanget kaliyan nilé-nilé Révolusi Islam Iran, 1979. [1]
Bab lan Paragraf |
Biografi [sunting]
Kulawargi [sunting]
Mahmud Ahmadinejad miyos ing desa Aradan, caket Garmsar, kinten-kinten tebihipun 120 kilométér saking Teheran. Panjenenganipun menika putra kaping sekawan saking sadhèrèk cacah pitu, lan saking kulawarga Islam Syiah. [2] Tiyang sepuhipun menika tukang wesi, Ahmad Saborjihan, maringi nama Mahmud Saborjihan nalika nembe miyos.[2] Panjenenganipun ngagem nama menika ngantos dumugi ing satunggalipun wekdal kulawarginipun pindhah dhateng Teheran nalika pratengahan taun 1950-an.[2] Ing Teheran, ramanipun nggantos namanipun dados Mahmud Ahmadinejad minangka pratandha réligiusitas lan semangat pados pagesangan ingkang langkung saé malih, amargi nama Saborjihan ing basa Parsi nggadhahi teges tukang nglukis karpet, satunggalipun profési ingkang kathah wonten ing séntra karpét kados ing dhaérah Aradan, menawi nama Ahmadinejad menika nggadhahi teges ras ingkang pinunjul, wicaksana, lan sampurna.[2]
Pendidikan [sunting]
Mahmud Ahmadinejad lulus saking Universitas Sains lan Teknologi Iran (IUST) kanthi gelar doktor ing babagan téknik lan parencanaan lalu lintas lan transportasi.[2] Nalika taun 1980, panjenenganipun dados pangarsanipun perwakilan IUST kanggé pakempalan mahasiswa, lan ndhèrèk terlibat ing madhegipun Kantor kanggé manunggalipun Iran (daftar-e tahkim-e vahdat), organisasi mahasiswa ingkang dados dhalang pangrebutan Kedubes Amérika Serikat.[2]
Sekutonan kaliyan Imam Khomeini [sunting]
Nalika mangsa Perang Iran-Irak, Ahmedinejad ndherek nggabung / sekutonan kaliyan Korps Pengawal Revolusi Islam ing taun 1986. Panjenenganipun ndherek ing misi-misi ing Kirkuk, Irak. Panjenenganipun lajeng dados insinyur kepala pasukan kaenem Korps lan kepala staf Korps sisih kilenipun Iran. Sasampunipun perang, panjenenganipun nggadhahi tugas minangka wakil gubernur lan gubernur Maku lan Khoy, Penasehat Menteri Kebudayaan lan Ajaran Islam, lan gubernur provinsi Ardabil saking 1993 ngantos Oktober 1997.
Pranala njawi [sunting]
- (en) Situs resmi Presiden Iran
- (en)(fr)Cithakan:Fa(ar) Blog pribadi
- (en) Profil ing BBC
- (id) Profil ing ANTARA
- (en) Kandidat pemilu Iran: Mahmoud Ahmadinejad
- (id) "Tokoh Konservatif Menang di Iran", KOMPAS
- (id) Presiden Iran Ngeblog Juga
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c (id)[http://www.indomedia.com/sripo/2005/08/04/0408H06.pdf Ahmadinejad Resmi Presiden Iran. Sriwijaya Pos, 7 September 2011]
- ^ a b c d e f g h LABIB, Muhsin; MUHARAM, Ibrahim; KAZHIM, Musa; HAMZAH, Alfian. AHMADINEJAD! David di Tengah Angkara Goliath Dunia. Jakarta: Penerbit Hikmah, 2006. ISBN 979-1140-05-7
- ^ a b (en)Mahmoud Ahmadinejad di globalsecurity.org diakses pada 7 September 2011
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.