Mahesh Manjrekar

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Mahesh Manjrekar

Mahesh Manjrekar ing Adicara Education Awareness
Lair 16 Agustus 1958 (umur 54)
Mumbai, India
Pakaryan Aktor film, Direktur, Produser, Penyanyi, Editor
Taun aktif 1999–saiki
Garwa Medha Manjrekar
Putra/putri Ashwami Manjrekar, Satya Manjrekar

Mahesh Manjrekar (lair ing Mumbai, India, 16 Agustus 1958; umur 54 taun) iku sawijining sutradara, aktor, panulis, lan produser India.[1] Dhèwèké dipétungaké amarga ngarahaké film kritis sing diakoni Vaastav: The Reality (1999), Astitva (2000) lan Viruddh... Family Comes First (2005). Dhèwèké menangaké sawijining Bebungah Film Nasional lan loro Star Screen Awards. Saliyané ngarahaké, dhèwèké uga akting ing sapérangan film kalebu film garapané dhéwé. Dhèwèké sepisanan éntuk pangalembana minangka aktor saka panampilane ing film Kaante taun 2002, lan sabanjuré main peran antagonis ing film Okkadunnadu (2007) mawi basa Telugu lan minangka Javed gangster ing film Slumdog Millionaire (2008). Dhèwèké mainaké paraga Shivaji Maharaj ing film Marathi Me Shivajiraje Bhosale Boltoy. Dhèwèké uga mainaké paraga Harpa Dongara ing sérial episode Aakhri Chunauti ing C.I.D..

Réferènsi [sunting]

Pranala njaba [sunting]


Ana loop cithakan: Cithakan:Persondata

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Mahesh_Manjrekar&oldid=833975"