Slumdog Millionaire
| Slumdog Millionaire | |
|---|---|
Poster rilis bioskop |
|
| Sutradara | Danny Boyle Loveleen Tandan (ko-sutradara) |
| Produser | Christian Colson |
| Panulis | Simon Beaufoy Vikas Swarup (roman) |
| Paraga | Dev Patel Freida Pinto Anil Kapoor Irrfan Khan Ayush Mahesh Khedekar Tanay Chheda Saurabh Shukla Mahesh Manjrekar |
| Musik déning | A. R. Rahman |
| Sinematografi | Anthony Dod Mantle |
| Panyunting | Chris Dickens |
| Distributor | Fox Searchlight Pictures Warner Bros. Pictures (AS) Pathé (Intl. kalebu Britania) |
| Tanggal rilis | 12 November 2008 (AS, terbatas) 26 Desember 2008 (AS, kabèh) 9 Januari 2009 (Britania) 23 Januari 2009 (India) |
| Durasi | 120 menit |
| Negara | Britania Raya |
| Basa | Inggris Hindi |
| Anggaran | $15 yuta |
| Bathi reged | $150.000.000[1] |
| Situs wèb resmi | |
| profil All Movie Guide | |
| profil IMDb | |
Slumdog Millionaire (basa Inggris "Yutawan Asu Kampung Kumuh") iku sawijining film Britania Raya tahun 2008 sing disutradarani déning Danny Boyle, mawa asistèn sutradara Loveleen Tandan[2], lan ditulis déning Simon Beaufoy. Film iki adhedhasar gubahan saka buku roman Q and A (2005} sing ditulis déning Vikas Swarup, sawijining panulis lan diplomat India. Bukuné menang bebungah Boeke Prize lan Commonwealth Writers.
Syuting film iki dianakaké ing India. Crita film iki ngenani sawijining wong mlarat ajeneng Jamal Malik sing mélu kuis kondhang Who Wants To Be A Millionaire ing India.[3] Nanging amerga dhèwèké bisa ngerti kabèh wangsulan pitakonan, Jamal dicekel pulisi lan diinterogasi mawa disiksa, déné wong ora percaya yèn ana wong mlarat, bocah dalanan kok bisa pinter banget.
Slumdog Millionaire menangaké 8 piala Oscar ing taun 2009.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sinopsis
Film iki diwiwiti mawa adhegan nalika inspektur pulisi (Irrfan Khan) ing Mumbai, India lagi interogasi lan nyiksa Jamal Malik (Dev Patel), mantan bocah gelandhangan saka kampung kumuh Dharavi. Jamal iku sawijining kontèstan ing acara télévisi Who Wants to be a Millionaire vèrsi India mawa pembawa acara Prem Kumar (Anil Kapoor). Jamal wis tekan pitakonan pungkasan, sing dijadwalaké kanggo sésuk, nanging dhèwèké disalahaké pulisi dianggep curang amerga dianggep anèh yèn sawijining wong kampung bisa ndarbèni kawruh sing amba utawa kabegjan banget, olèh pitakonan sing bisa diwangsuli kabèh.
Jamal banjur crita yèn pitakonan bab bintang film Bollywood Amitabh Bachchan iku gampang banget, banjur dhèwèké ngerti pitakonan liya-liyané déning kabeneran waé, tau ngalami akèh perkara sing nggawé dhèwèké ngerti rena-rena. Banjur sawisé iku film dibanjuraké mawa adhegan-adhegan flashback sing nudhuhaké pengalaman-pengalamané nalika cilik. Nalika iku Jamal lan Malik urip ing kutha Bombay/Mumbai lan sekolah. Ing sekolah diajari crita The Three Musketeers. Saliyané iku uga ditudhuhaké kepriyé Jamal olèh tapaktangané Amitabh Bachchan. Banjur anuju sawijining dina ana gègèran ing kutha Bombay antara kaum Hindu lan kaum Muslim. Salim lan Jamal Malik iku kalebu wong Muslim lan ibuné tiwas ing gègèran iki. Bocah loro iki dadi yatim. Nalika iku bocah loro iki ketemu sawijining bocah wadon anama Latika. Amarga Jamal seneng karo crita The Three Musketeers Salim diarani Athos, Jamal dhéwé Porthos lan Latika Musketeer katelu.
Anuju sawijining dina, bocah telu iki ditemu déning Maman (Ankur Vikal) ing powuhan, papané urip. Telu-teluné banjur diajak lunga menyang sawijining panti asuh. Tibakné ing panti iki bocah-bocah iki diajari dikon ngemis lan mbarang. Ing sawijining dina Salim weruh ana bocah sing jenegé Avindh dikon nyanyi banjur dibiyus lan sawisé matané digawé wuta, amerga bocah pangamèn wuta olèh dhuwit luwih akèh. Salim déning Maman dikon nyeluk adhiné, adhiné uga arep digawé wuta matané. Nanging Salim ora lila, dhèwèké banjur ngajak mlayu Jamal lan Latika. Kateluné dioyak déning Maman lan wong-wongé. Jamal lan Malik bisa mlebu sepur nanging Latika ora bisa. Latika dicekel Maman manèh.
Bocah loro iki banjur golèk panguripan rena-rena carané, ya halal, ya ora. Mawa numpak sepur, bocah loro iki tekan Taj Mahal lan nyambut gawé ing kono. Nanging Jamal tetep waé ora bisa nglalèkaké Latika. Jamal banjur ngajak Salim mulih menyang Bombay. Tibakné Latika iku dilatih dadi WTS kelas dhuwur, supaya mengko bisa diedol larang minangka prawan. Jamal nemu Latika ing kawasan lokalisasi Bombay lagi dilatih nari. Dhèwèké ngajak Latika lunga, nanging banjur Maman tibakné ana ing kono. Salim sing nggawa pistul banjur némbak Maman nganti mati lan kateluné mlayu. Banjur karo Salim olèhé matèni Maman dianggo alesan nglamar kerja karo Javed (Mahesh Manjrekar), wong jahat liyané. Salim banjur ngehaki Latika, lan nalika Jamal protès, dhèwèké dithungi pistul, Latika nengahi lan pasrah dipèk Salim. Jamal dadi nlangsa atiné lan lunga mlayu.
Pirang taun sawisé iku, Jamal olèh gawéyan dadi "chai-wallah" (sawijining bocah sing nyuguhaké tèh) sing sawijining call centre ing Mumbai. Banjur sawijining dina dhèwèké dijaluki tulung kancané kerja nggantèni. Kancané soalé péngin nonton acara TV sadélok. Nalika iku Jamal iseng nggolèki jeneng Latika lan Salim sajroning basis data komputer. Jenang Latika tibaké èwon kasilé nanging "Salim K. Malik" namung ana 15 wiji. Banjur Jamil tilpun siji-siji lan olèh kangmasé. Salim tibaké pangkaté wis dhuwur sajroning organisasiné Javed. Jamal banjur ngetutaké Salim menyang omahé Javed. Tibaké Latika saiki dadi pacaré Javed. Jamal mlebu èthok-èthok dadi réwang lan ngajak lunga Latika. Nanging Latika ora gelem. Sanadyan mengkono Jamal celathu yèn dhèwèké bakal nunggoni Latika saben dina ing Stasiun Victoria (Stasiun Chhatrapati Shivaji) saben dina ing jam 17.00 nganti dhèwèké teka. Banjur ing sawijining dina, Latika teka tenan, nanging dioyak déning Salim lan salah siji wongé Javed. Salim nglebokaké Latika sajroning mobil, mènèhaké HP-né, lan rainé Latika diiris mawa lading. Banjur mobilé lunga. Jamal mlayu menyang omahé Javed, nanging omahé tibaké wis kosong.
Banjur kanggo nemokaké Latika, Jamal nyoba cara liya, yaiku dadi kontèstan kuis Who Wants to be Millionaire amerga dhèwèké ngerti yèn Latika seneng karo acara iku lan diarepaké mesthi nonton. Dhèwèké kasil tekan pitakonan pungkasan, senadyan pembawa acarané ora simpatik lan mbujuki dhèwèké mènèhi wangsulan sing salah. Ing pungkasané acara, tibakné isih ana 1 pitakonan manèh kanggo menangaké Rs. 20.000.000. Banjur dhèwèké dicekel pulisi lan disiksa amerga dikirané curang. Nanging sawisé crita yèn kabèh iku kebeneran dhèwèké diculaké déning pulisi. Sésuké dhèwèké olèh mbubaraké kuis iku manèh lan pitakonan pungkasan perkara The Three Musketeers. Sapa jeneng musketeer sing katelu. Jamal banjur coba nganggo fungsi Phone-a-friend. Siji-sijiné nomer tilpun sing diduwèni Jamal ya mung nomeré Salim, nanging HPné digawa Latika, mula bareng ditilpun ya ditampa déning Latika. Jamal kagèt nanging bungah bisa krungu swarané Latika. Banjur dhèwèké ngarang wangsulané yaiku Aramis lan tibakné bener.
Sawetara iku Javed uga nonton TV lan kagèt weruh Jamal. Banjur digolèki Latika wis ilang. Dhèwèké banjur nggolèki Salim, Salim wis ngunci awaké dhéwé ing kamar mandi. Kamar mandi digedhori lan sawisé mbukak Samil némbak Javed nganti mati. Salim uga ketémbak nganti mati. Tembung-tembung pungkasané yaiku Allahu Akbar. Nalika iku Jamal bisa menang lan dianggep pahlawan lan mlayu menyang stasiun Victoria lan rangkulan saha ambung-ambungan karo Latika.
[sunting] Produksi
Panulis Simon Beaufoy nulis Slumdog Millionaire adhedhasar buku roman Q and A sing ditulis d'ening Vikas Swarup. Supaya katon otèntik, Beaufoy lunga nglakoni studi bandhing ping telu menyang India lan ngwawancarani sawetara bocah-bocah dalanan lan olèh kesan apik. Sang panulis iki celathu yèn tujuané nulis skrip iku: "Aku kepéngin olèh rasa lucu, ngguyu, ngobrol lan ngrasakaké silaturahmi antara komunitas sing urip ing kawasan kumuh iki. Apa sing aku èntoki iku ènèrgi gedhé." Ing tengahan taun 2006, perusahaan film Britania Celador Films lan Film4 ngundhuna sutradara Danny Boyle supaya maca skripé Slumdog Millionaire. Sajatiné pisan-pisané Boyle ragu-ragu amarga dhèwèké emoh nggawé film perkara Who Wants to Be a Millionaire? Boyle nanging banjur ngerti yèn sang panulis skénario iku Beaufoy, sing tau nulis The Full Monty (1997), salah siji film favorité saka Britania. Boyle gumun kepriyé Beaufoy bisa nggabungaké cerita sing akèh sajroning bukuné Swarup dadi crita siji lan sang sutradara iki banjur mutusaké miwiti proyèk film anyar iki. Anggaran nggawé film iki awalé US# 15 yuta, dadi Celador golèk distributor kanggo ngedum béya. Fox Searchlight Pictures banjur mènèhi tawaran sing kabaré kira-kira sakiwa-tengené $2 yuta, lan Warner Independent Pictures mènèhi tawaran $5 yuta sing ora bisa disaingi déning Fox Searchlight.
Gail Stevens uga dadi anggota panitya sing ngawasi para paraga saka sadonya. Stevens tau kerjasama karo Boyle lan dianggep bisa weruh wong sing nduwé bakat anyar. Meredith Tucker ditugasi nangani para paraga saka AS. Banjur para tukang film iki lunga menyang Mumbai ing September 2007 mawa panitya separo lan miwiti nampani paraga lokal lan anggota kru produksi ing Karjat. Loveleen Tandan, salah siji saka sutradara paraga ing India, celathu yèn dhèwèké mènèhi saran marang Danny lan Simon Beaufoy supaya nganakaké sawetara dialog mawa basa Hindi supaya filmé luwih kerasa urip. Banjur Boyle mutusaké supaya kira-kira sapratelon dialog dianakaké mawa basa Hindi. Banjur Tandan dikon nulis dialog-dialogé lan dhèwèké gelem. Sawisé iku dhèwèké dijaluk dadi ko-sutradara.
Lokasi syuting kalebu kawasan kumuh ing Mumbai lan Juhu. Olèhé para tukang film iki bisa ngontrol massa iku carané ngapiki wong-wong sing pada ndeleng. Syuting diwiwiti ing tanggal 5 November 2007.
Saliyané adhedhasar bukuné Vikas Swarup, film iki uga diilhami film-film India. Miturut Tandan, Slumdog Millionaire bisa dianggap ngajèni film-film komèrsial abasa Hindi. Simon Beaufoy iku nyinaoni film-filmé Salim-Javed sacara tlatèn.
Banjur témané film perkara wong mlarat sing dadi sugih iku uga akèh ditemokaké ing akèh film India liyané saka taun 1950 nganti 1980-an nalika "India kerja keras supaya ora luwé lan kéré."
Bintang film Bollywood Shahrukh Khan sing saiki dadi pembawa acara Who Wants to be a Millionaire? vèrsi India sajatiné ditawani dadi pembawa acara ing film, nanging ora gelem. Peran iki pungkasané dimainaké déning Anil Kapoor, bintang film Bollywood liyané. Paul Smith, produser èksèkutif Slumdog Millionaire lan ketua Celador Films sadurungé tau nduwé hak internasional acara Who Wants to Be a Millionaire?.[4]
[sunting] Paraga
- Dev Patel minangka Jamal Malik, sang paraga utama utawa protagonis, sawijining bocah Muslim sing lair lan tumuwuh ing Mumbai minangka wong mlarat
- Ayush Mahesh Khedekar minangka Jamal anom
- Tanay Chheda minangka Jamal remaja
- Freida Pinto minangka Latika
- Rubina Ali minangka Latika anom
- Tanvi Ganesh Lonkar minangka Latika remaja
- Madhur Mittal minangka Salim, kangmasé Jamal.
- Azharuddin Mohammed Ismail minangka Salim anom
- Ashutosh Lobo Gajiwala minangka Salim remaja
- Anil Kapoor minangka Prem Kumar, pembawa acara.
- Saurabh Shukla minangka Sersan Pulisi Srinivas
- Mahesh Manjrekar minangka Javed
- Ankur Vikal minangka Maman
- Raj Zutshi minangka produser acara
- Sanchita Choudhary minangka ibuné Jamal
- Shah Rukh Munshi minangka bocah glandhangan
[sunting] Rilis lan pangasilané
Ing sasi Agustus 2007 Warner Independent Pictures olèh hak distribusi ing Amérika lan Pathé olèh hak distribusi internasional Slumdog Millionaire ing bioskop. Senadyan Warner Independent Pictures mbayar $5 yuta kanggo nuku hak film iki, studio iki rada ragu-ragu bab prospèké bakal payu ora. Ing sasi Mei 2008, Warner Independent Pictures ditutup lan mula-mulané mènèhi kesan film iki ora dirilis ing layar amba nanging langsung ing vidéo. Ing Agustus 2008, studio iki sacara aktif golèk sing gelem ngréwangi lan pungkasané Warner Independent Pictures lan Fox Searchlight Pictures dadi kongsi mbagi distribusiné. Fox Searchlight gelem nuku sahamé 50%. Per 18 Februari 2009, film iki wis ngasilaké dhuwit $150.522.967 sadonya.
[sunting] Soundtrack
Soundtrack kanggo film Slumdog Millionaire dikomposisi déning A. R. Rahman sing nulis lagu-laguné ing wektu rong sasi lan ngrampungaké rekaman ing wektu rong minggu.[5] Rahman menangaké Golden Globe Award for Best Original Score taun 2009 lan menangaké loro saka telung nominasi kanggo Oscar, kalebu siji kanggo Best Original Score lan siji kanggo Best Original Song.
[sunting] Referensi
- ↑ http://www.boxofficemojo.com/movies/?id=slumdogmillionaire.htm
- ↑ Wawancara karo Danny Boyle perkara perané Loveleen Tandan minangka ko-sutradara
- ↑ Ing basa Hindi diarani Kaun Banega Crorepati.
- ↑ Eoghan Williams. Quiz show king didn't want to be a millionaire. Sunday Independent.
- ↑ Composer A.R. Rahman on the Sounds of ‘Slumdog Millionaire’ and Being M.I.A.’s Idol saka New York ditulis déning Logan Hill tanggal 12 November 2008 lan diakses tanggal 14 November 2008