Madurodam

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Madurodam ing Den Haag, Walanda

Madurodam yaiku kutha miniatur kang dumunung ing Scheveningen, Den Haag, Walanda. Ing lemah kang ambané 18.000 m2 iku ana miniatur bangunan kang ana ing saindhenging kutha ing Walanda.[1] Gedhong-gedhong ing Madurodam nduwèni skala 1:25. Madurodam iku dijenengaké miturut George Maduro, sawijining mahasiswa saka Curaçao sing dadi opsir lan mbaléla nglawan Wadyabala Nazi nalikané Perang Donya II banjur gugur. Sakabèhing bangunan iku mujudaké saperangan wewengkon kang wigati ing Walanda.[1] Tuladhane miniatur Menara Bandar Udara Schipol, Amsterdam kang dhuwure mung patang meter. Madurodam resmi dibuka kanggo papan wisata umum nalika tanggal 2 Juli 1952.[2] Komplèk miniatur iki uga nduwé wali kutha kang diangkat resmi. Ratu Beatrix uga naté dadi wali kota ing kéné sadurungé dadi ratu nalika taun 1980. Jejibahané wali kutha Madurodam yaiku mimpin lan ngresmèkaké modèl miniatur anyar kang ditambahaké ing sajroning komplèk, uga mbuka ekshibisi resmi rutin.

Cathetan suku [sunting]

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Madurodam&oldid=831713"