Lempuyang
| Lempuyang | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Liliopsida |
| ordo: | Zingiberales |
| kulawarga: | Zingiberaceae |
| Genus: | Zingiber |
| Species: | Z. zerumbet |
| Jeneng binomial | |
| Zingiber zerumbet (L.) J.E.Smith |
|
Lempuyang utawa kang diarani Zingiber spp. iku salah siji tanduran rimpang kang kagolong tanduran rempah-rempah.[1] Lempuyang iku kagolong tanduran tahunan, dhuwuré isa nganti 1,75 meter.[1] Tanduran iki nduweni wit kang semu, wit thukul saka kelopaké godhong kang silih ngebungkus.[1] Godhong wujude kaya tombak, bunder dawa, pucuké lancip lan bongkoté cilik.[1] Kembangé saka umbi batang kang ing pucuke ana bonggolé.[1] Tanduran iki isa urip ning alam babas lan isa urip ing panggonan kang dhuwuré 0-1.200 meter meter sadhuwuré segara.[1] Lempuyang ana 3 wernane, yaiku : lempuyang pahit (Zingiber Americanus BI), lempuyang wangi (zingiber aroamticum vahl), lan lempuyang gajah (zingiber zerumber S).[2]
Bab lan Paragraf |
Klasifikasi Lempuyang [sunting]
Klasifikasi Lempuyang:[3]
- Kingdom: Plantae (Tumbuhan)
- Subkingdom: Tracheobionta (Tumbuhan berpembuluh)
- Super Divisi: Spermatophyta (Menghasilkan biji)
- Divisi: Magnoliophyta (Tumbuhan berbunga)
- Kelas: Liliopsida (berkeping satu / monokotil)
- Sub Kelas: Commelinidae
- Ordo: Zingiberales
- Famili: Zingiberaceae (suku jahe-jahean)
- Genus: Zingiber
- Spesies: Zingiber americana Bl
Kandungan kimia [sunting]
Kandhungan kimia ing lempuyang:[2]
Carane Mbudidaya [sunting]
Carane ngembangke lempuyang iku nganggo rimpang.[4] Carane ngopeni tanduran iki kaya tanduran biyasane, kudu cukup banyune kanthi ara disiram lan dijaga kelembapan udarane lan diwenehi rabuk kompos utawa rabuk organik.[4] Tanduran iki merlokake srengenge kang cukup.[4]
Kasiate Lempuyang [sunting]
Lempuyang iku tanduran kang isa digunakake dadi bahan obat-obatan: [4]
- Lara empedu.
- Rhizoma seger, ditumbuk, banyune diperes.
- Lara weteng, bocah kejang-kejang.
- Lempuyang gajah, bengle, kunir, sunti diulek nganti alus lan didokok ing nduwure weteng, utawa digodhog diombe banyune.
- Nambah nafsu mangan.
- Rimpang, ditambah kapur sithik, diulk, tambahi banyu, diperes, banjur diombe.
- Diare lan disentri.
- Rimpang, ditambahi kapur sithik, diulek, ditambahi, diperas, banjur diombe.
- Penyakit kulit, borok.
- Rimpang, ditambahi kapur sithik, menyan sithik, diulek, ditambahi banyu, diperes, diombe kanggo ngresiki getih.
- Lara encok
- Rimpang lempuyang pahit diuleg banjur dicampur lenga klapa lan awulayan, banjur dioleske ing panggonan kang lara.[1]
- Nambah getih
- Rimpang lempuyang wangi diparut, dicampur karo gula jawa, lan digodhog karo banyu sacukupe.[1] Banyune diombe sedina kaping telu akehe sasendok mangan.[1]
Catatan kaki [sunting]
- ^ a b c d e f g h i (id)[Muhlisah, Fauziah. 2001. Tanaman Obat Keluarga. Bandung: Penebar Swadaya]
- ^ a b (id)Identifikasi Perbedaan Rimpang Lempuyang Pahit, Lempuyang Wangi dan Lempuyang Gajah (diakses tanggal 3 Maret 2011)
- ^ (id)Lempuyang (diakses tanggal 2 Maret 2011)
- ^ a b c d (id)[1] (diakses tanggal 2 Maret 2011)
|
||||||||